You are on page 1of 3

Khutbah Jumat Bahasa Jawa (Boso Jowo)

Aguning Ibadah Haji

Para sedherek muslimin ingkang minulya.

Kula ngajak dateng para sedherek sedaya mangga-mangga kita sedaya pupung
taksih gesang samiya aningkataken taqwa kita dateng Allah SWT.Kanthi anindakaken
dhawuh-dhawuh Allah ingkang wonten ing Al Qur’an. Makaten ugi anebihi sedaya
tumindak ingkang boten sae.Ingkang supados gesang kita pikantuk karidlan saking
ngarsaning Allah SWT. wilujeng lan begja fid dun ya wal akhirah. Jer taqwa dateng
Allah punika para sedherek ingkang nyebabaken kita badhe manggih kabegjan
ingkang saestu. Sholawat  salam mugi tansah dipun limpahaken Allah SWT
dumateng junjungan kitho Nabi SAW, kulawargo, sahabat, lan dumateng umat Islam
dumugi akhir zaman.

Kasebat wonten Al Qur’an : Ingkang jawinipun : “Sapa wonge taqwa marang Allah
sayekti Allah bakal nuduhake dalane metu saka kesulitan lan bakal menehi rizki kang
tanpa kanyana atas kamurahaning Allah SWT.” ( QS : 65 : 2-3 )

Para hadirin ingkang minulya Wonten ing khutbah punika kula badhe anerangaken
kados pundi menggah keagunganing pangibadah Haji khususipun manawi dipun
tropong saking kaca tingal pendhidhikan akhlak.

Wonten ing khutbah punika kula nerangaken bab hikmah lan kawigatosanipun
ngibadah Haji jalaran ing wekdal punika saweg nedheng-nedhengipun dados
kawigatosan kita sedaya umat Islam saindenging bawana.

Ugi angengeti dhawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an Ingkang jawinipun : “Sapa
wonge ngegungake syi’aring Allah (kalebet syi’aring Allah inggih punika ngibadah
Haji) mangka sayekti mangkono iku kalebu taqwaning ati.” (Q.S. Al Haj : 32)

Para sedherek ingkang kula mulyakaken.

Wonten ing tarikh tasyri’ Al Islami utawi sejarah perkembangan hukum Islam
ngibadah Haji punika kalebet : Inggih punika ngibadah ingkang wonten
hubunganipun kaliyan kemasyarakatan kanthi tembung sanes gegayutan kaliyan
kepentinganing masyarakat sebab sedaya umat Islam sak ngalam donya sami
anggadahi kepentingan dateng ing bab pangibadah Haji punika.

Sahingga estu-estu ngibadah Haji punika agung sanget dados syi’ar Islam ingkang
cemerlang ingkang saged kapirsanan dening tiyang sak donya.

Kathah kedadosan riwayat lan crita ingkang magepokan kaliyan pangibadah Haji
wonten ingkang sae, wonten ingkang kirang sae, saged ugi wonten ingkang boten
beres lan sapiturutipun gumantung dateng manungsanipun piyambak-piyambak.
Saweneh saking riwayat ingkang nengsemaken inggih punika saweneh Ulama-ulama
kita ing jaman rumiyin tiyang-tiyang sepuh rumiyin kalebet ugi tiyang sepuhipun
punika saking kepenginipun nindakaken ngibadah Haji nekat nyambut sangu dateng
kanca sekedar saged kangge sangu dateng Singgapur.

Samangsa sampun dumugi Singapur sagah badhe mangsulaken sambutanipun kala


wau kanthi nyambut damel langkung rumiyin.

Allah ngabulaken panyuwunipun kawulanipun ingkang mukhlis sareng sampun


nglempakaken arta salebeting kalih taun terus sambutanipun sanalika kawngsulaken
lan tirahanipun kangge kesah dateng Makkah lan ngantos dumugi Makkah kanthi
wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Saged nindakaken punapa ingkang dados idham-idhamanipun inggih punika


nindakaken pangibadah Haji malah-malah saking kemirahaning Allah SWT. angsal
rejeki  saged sinau kalih taun wonten Makkah.

Wekdal kalih taun kaginakaken kangge nambah anyinau ilmu agami terus wangsul
dumugi tanah air wilujeng akhiripun dados ulama ingkang shaleh. Ngelmunipun
amigunani dateng masyarakat kathah jeripun kangge kemajenganing agami lan
bangsa.

Makaten para sedherek riwayat punika dados pepaes wonten ing lembaraning
sejarah jama’ah Haji ingkang patut dipun tiru kados pundi kencenging manahipun.

Punapa sebabipun para sedherek dene ngibadah Haji punika kalebet pangibadah
ingkang agung boten sanes jalaran ngibadah Haji punika manawi dipun tingali saking
kaca tingal pendhidhikan akhlak nyakup gangsal ajaran Islam ingkang luhur.

Inggih punika Sepisan : Ngibadah Haji mengku dhidhikan ingkang tegas ingkang
supados umat Islam sak donya mbina pasedherekan lan sesrawungan ingkang
saintim-intimipun, ingkang supados saged kawujudaken “Ukhuwah Islamiyah”
ingkang suci murni.

Pramila raos pasedherekan ala Islam punika kedah kadhedher wonten ing
sanubarining umat Islam ing pundi panggenan. Cocok kaliyan pangandikan
Rasulullah SAW : "Bilih sedaya Muslim tumanduk dateng muslim dados sedherek
inggih punika sedherek seagami seperjuangan senasib lan sepenanggungan."

Kaping kalih : Secara demontratif ngibadah Haji suka isyarat bilih Islam tujuanipun
ingkang pokok inggih punika ngajak manungsa ngibadah dateng Allah SWT.

Sedaya taktik lan cara kaginakaken tujuanipun boten sanes inggih naming ngajak
manungsa ngibadah dateng Allah SWT.

Kaping tiga : Ngibadah Haji andhidhik dateng kita umat Islam supados tansah
ngegungaken asmanipun Allah angungkuli sedaya-sedayanipun.

Ngagungaken Allah SWT. ateges ugi kedah ngegungaken agaminipun Allah SWT.
inggih agami Islam ingkang hukum-hukum saha peraturanipun sampun kaemot
wonten ing Al Qur’an. Kaping sekawan : Ngibadah Haji mengku ajaran ingkang luhur
inggih punika supados umat Islam sampun ngantos nglirwakaken bab persatuan.

Umat Islam kedah bersatu padhu rukun saeka praya sampun ngantos memengsahan
lan padudon ananging kedah saiyeg manunggil dados satunggaling barisan.

Pamanggih kenging benten-benten taktik perjuangan boten sami boten dados


punapa asal boten ngrisak persatuan.

Cocok kaliyan dhawuhipun Allah SWT. wonten Al Qur’an : Ingkang jawinipun  :


“Gegondhelana sira kabeh marang agamane Allah kabeh wae lan aja padha
cecongkrahan/pepisahan.” (Q.S. Ali Imran : 103)

Kaping gangsal : Ngibadah Haji mengku tuntunan ingkang luhur inggih punika
sapados umat Islam berjuang nyiaraken agami kanthi sategak-tegakipun sahingga
tuntunaning agami saged dipun amalaken kanthi saestu wonten gesang sadinten-
dintenipun.

Wiwit gesang wonten salebetipun bale griya ngantos dumugi gesang bermasyarakat
lan bernegara.

Makaten, para sedherek menggah hikmah lan keagunganipun ngibadah Haji Awit
saking punika Rasulullah SAW. ngendika  : Ingkang jawinipun  : “Haji ingkang
mabrur utawa makbul ora liya piwalese kajaba mung suwarga. “

Awit saking punika para sedherek.

Kita umat Islam ingkang wonten ing tanah air ingkang boten kapinujon anindakaken
ngibadah Haji ingkang mulya punika mangga-mangga jiwa haji jiwa perdhamaian lan
pasedherekan sageda tansah kita dhedher wonten sanubari kita umat Islam.

Mangga kita kandelaken jiwa ibadah, jiwa dhedhepe wonten ngarsaning Allah SWT.
lan tansah ngegungaken asmaning Allah.

Langkung-langkung jiwa persatuan lan semangat perjuangan anggenipun negakaken


agamanipun Allah kedah kita sesubur wonten ing jiwa kita ngantos dumugining para
putra kedah kita dhedher ing manahipun remen dateng agami lan remen dateng Al
Qur’anipun.

Sahingga tuntunan Islam saged kita amalaken kanthi sak kongkrit-kongkritipun lan
sasempurna-sempurnanipun. Wonten ing gesang ing salebetipun bale griya
lumeberipun gesang wonten ing masyarakat gesang bermasyarakat lan bernegara.

Insya Allah kanthi makaten ateges anggen kita lumebet wonten ing wulan Haji
punika saged mendhet kemanfaatan ingkang sakathah-kathahipun kemanfaatan
tumrap masyarakat umumipun.

Mugi-mugi Allah tansah nedahna kita ing margi ingkang leres kalebet ewoning para
manungsa ingkang saged manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah.Amin.

You might also like