You are on page 1of 3

Assalamu'alaikum wr.wb.

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken. Panjenenganipun para Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(asal desa alamat)............ , langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula ................................., kula menika bapakipun/masipun penganten putri, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga, Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......(asal desa alamat)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi. Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur Assalamu'alaikum wr.wb. Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............ ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun. Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............, keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/adhi kula nuwun inggih .........(jeneng nganten putri)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ...................., nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................

Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga anak/adhi kula pun ....(jeneng manten putri).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti. Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun. Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin. Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nirwikara, nir-ing-sambekala. Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Assalamu'alaikum wr.wb. "Bapak2, Ibu2 soho para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan. Dumateng panjenenganipun Ibu Retno Widaningrum minangka tiang sepuhi pun mas Wawan, kulo minangka wakilipun Bp Sudaryanto sekalian ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi nembe ngraosaken bombonging penggalih, pikantuk sungsung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Langkung rumiyin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dateng Gusti Allah ta'ala ingkang sampun ndawahaken kanugrahan dateng kita sedaya dene hajatipun Ibu Retno anggenipun ngadahi kerso saged kobul. Sepindah silaturahmi, kaping kalih taaruf, kaping tiganipun lamaran dan ngrembak rencana ndaupaken keng putri ingkang peparap Mas Wawan pikantuk Rr Arifah Sindika putri. Ingkang sepindah, kulo pribadi tuwin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken pambagyo rahayu wilujeng waruh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanti sugeng basuki tindak saking dalem ing Ngayojokarto dumugining dalemipun Bp Sudaryanto. Kaping kalih, sampun dipun tampi atur salam taklimipun Ibu Retno, semanten ugi Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken salam taklim mugi katur ngarsanipun Ibu Retno, kanti pepuji mugi2 tansah pinaringan sih kanugrahan Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, cinelakno ing suko rahayu, tinebehno ing godha rencana. Kaping tiganipun, Bp Sudaryanto reno nrimo ngaturaken nuwun ingkang kathah dene Ibu Retno sampun kerso rawuh ing mriki saperlu taaruf dan lamaranipun kita tampi kanti suko renaning manah. Mbok bilih sadayanipun mangke sampun samekto ing damel, keng putra nakmas Wawan kaliyan Arifah kekalih badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panjenenganipun Bp Sudaryanto sekalian mugi panjenengan dalam para pangombyong, kasuwun kanti sanget keparengo anglajengaken suko pari suko anggenipun lelenggahan kanti mirunggan. Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kulo ngaturaken atur panampi puniko wau kirang mranani ing penggalih, awit cupeting nalar kidhunging pemanggih, kulo tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami. Wass......

You might also like