You are on page 1of 2

ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING PAWIWAHAN SUNATAN Assalamu'alaikum Wr.Wb Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kula keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco mawan pangandika. Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bapak. Sarimbit, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Saking Bapak.. sarimbit, langkung rumiyen ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan (sunatan) putranipun ingkang angka.. naminipun. Kaping kalihipun Bapak.. sekaliyan ngaturaken pambagyo sugeng rawuh dumateng para tamu kakung sumawana putri. Bapak.. sekalian ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak sarimbit ngaturaken gunging panuwun, dene panjengan sami ugi kersa paring berkah pangestu dumateng putra kula ingkang sampun dipun khitan. Panjenenganipun bapak.. sekalian rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan dadi lelumban wonten samudra kencana, sakalangkung ndadiosaken bombong bingahing manah. Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken gunging pauwun ingkang tanpa pepindahan katur dumateng para sanak sadherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambyantu lan panyumbang ingkan awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaripun ingkang mengku damel. Sarehning bapak. Sarimbit mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken gunging panuwun mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan angsala piwales kanugrahan saking Gusti Allah SWT ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu. Kaping sekawan bapak. Sarimbit nyuwun gungan panjenengan sekaliyan kersa paring berkah pangestu wilujeng dumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun saged wilujeng mring pancabaya, sageda dados putra ingkang dewasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dateng bebrayanm kathah labuh labet dateng negeri bangsa lan agaminipun. Mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken palenggahan panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu. Kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglanturaken bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaha para tamu angluberna sih pangak sama. Ing wusana para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka manggung saha angrakabi sadaya pasugatan lan lelangan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan punika. Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaha anglunturaken gunging samodra pangaksama. Akhirul kalam bilahit taufik walhidayah Wassalamualaikum Wr. Wb

Sowan kulo sakperlu: Sakderengipun nyuwun pangapunten, rencang2 mboten saget sowan sesarengan, awit gegayutan tugas wonten ing kantor mboten saget dipun tilar kedah gantosan. Silaturahmi nyaketaken pasederekan kulo lan panjenengan. Nyuwun pangapunten mboten saget caos pambyantu punopo2. Caos dongo dumateng keng putra ingkang sampun dipun khitan. o Mugi2 wilujeng mring pancabaya, o sageda dados putra ingkang dewasa ngertos tanggel jawab, o bekti marang sesepuh o murakapi dateng bebrayan, o kathah labuh labet dateng negeri bangsa lan agaminipun.

You might also like