You are on page 1of 2

Dina Kamardikaan Kang Kaping 63

Sedulur-sedulurku kabeh kang sakbangsa lan saknegara. Dina iki kita peringati HUT Proklamasi Kamardikaan Republik Indonesia karo bebuka salam perjuangan kita bebarengan lan kabeh semangat Merdeka......Merdeka......Merdeka matur suwun. Sedulurku kabeh kang sakbangsa lan saknegara. Kaya adate saben tanggal 17 Agustus, kita bangsa Indonesia mengeti dina kamardekaan, ing tanggal kasebut ing duwur dadi peristiwa sing penting kanggone negara, dina iku ngupokake sejarah bangsa, kawujut cita-citane bangsa Indonesia sing merdeka, berdaulat dan bebas saka blenggine penjajah. Kamardekaan iku hake kabeh bangsa, sebab ora sepadan karo peri kemanusiaan lan peri keadilan, mula saka iku penjajahan ing bumi Indonesia iki kudu disirnaake. Sedulur-sedulurku kabeh kang sakbangsa lan saknegara. Nggolekake kamardikaan iku ora gampang kudu akeh pengorbanan nyawa, raga lan ora kari uga banda. Bangsa Indonesia rumangsa kangelan banget kanggo ngraih kamardekaan nganti ratusan tahun bangsa Indonesia berjuang kanggo kamardekaan iki. Mula saka iku kita kabeh bangsa Indonesia sing ora melu berjuang ngusir penjajah ing waktu iku. Aja nyiak-nyiakake hasil kamardekaan iki sing wis dihasilake karo pengorbanan sing gede banget para pahlawan sing wis gugur ndisiki awake dewe. Para pahlawan kita kanti ikhlas ngorbanake jiwa ragane kanggo kamardekaan senajan deweke ora bisa melu ngrasakake hasil kamardekaane, seje karo kita sing ming nerusake perjuangane kanggo ngisi kamardekaan sing wis awake dewe olehi. Sapira isine awake dewe sakjrone ngsisi kamardekaan iki ora pada karo karepe para pahlawan sing wis lara-lapa nggolekake kamardekaan. Sedulur-sedulurku kabeh sing sakbangsa lan saknegara. Bangsa sing gede yaiku bangsa sing ngergani jasa para pahlawan, sing dimaksud karo omongan ngergan jasa para pahlawan ing kene ora mung sekedar mengheningkan cipta lan nganakake perayaan-perayakan wae, nanging luwih saka iku awake dewe dituntut sak njerone pengabdian kanggo suksese bangunan manungsa sak wutuhe serta nju masyarakat sing adil lan makmur. Neng kene iki awake dewe dituntut kanggo ngisi kamardekaan iki. Mula saka iku awake dewe ngesepi artine kamardikaan supaya awake dewe bisa mewarisi nilai-nilai 45. Uga mewarisi nyawa patriot lan semangat kepahlawanan, kanggo nerusake cita-cita luhur para pahlawan kanggo kaleksanane keadilan lan kemakmuran. Sedulur-sedulurku kabeh. Anane peringatan dina ulang tahune kamardikaan iki ato awake dewe sing banget dibutuhake kanggo negara sakjrone ngisi kamardekaan iki pada karo keahlian awake dewedewe.

Muga-muga karo katrangan sing sederhana lan singkat iki bisa andadekake semangat guna mujutake cita-cita bangsa lan negara sing awake dewe trisnani iki. Pikiren apa sing wis kok lakon kanggo negara, kudu sakbalike mikirake apa sing wis dilakoni negara kanggo awake dewe. Sapisan maneh tak kandakake selamat Hari Ulang Tahun Kemerdekaan Republik Indonesia lan Merdeka....... Sak mene wae matur nuwun.

Nama Kelas No. Absen

: Rizhal Adi Rahmawan : 9A : 38

You might also like