You are on page 1of 3

PIDATO SAMBUTAN WALIMATUL URSY . . Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.

. . Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken. Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko. Poro rawuh ingkang kulo hormati, Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko. Tegesipun kanjeng Nabi dongaaken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitabkitab fiqih. Wonten kala : Walimatul Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko Walimatul Ursy utawi Walimah Manten

Dene masalah ijabatut-dawah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani. Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, salajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA . Ingkang artosipun : Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat. Poro rawuh, meniko nopo rahasianipun utawi sebabipun masalah dugeni walimah meniko kok benten-benten ? menurut sebagian Ulama meniko wonten ingkang njelasaken, menawi ndugeni datang walimah manten meniko wajib. Sebabipun wonten ing majlis walimah manten meniko wonten tiyang ingkang nyandang susah utawi sakit malah sedoyonipun ngraosaken ayem seneng lan bungah. Tegesipun tiyang ingkang dipun unddang seneng, lan menikolah ingkang dados wajibipun dugeni undangan walimah manten.

Lan menawi walimah khitan utawi walimah maulid (kelahiran) tumrap tiyang ingkang dipun undang dugeni walimah meniko hukumipun sunat, kranten wonten ing griyanipun tiyang ingkang kagungan hajat meniko wonten ingkang ngraosaken sakit utawi payah. Tegesipun tiyang ingkang dipun undang seneng tiyang ingkang ngundang seneng, tapi lare ingkang dipun khitani utawi ibu ingkang nglahiraken meniko ngalami sakit. Pramilo dugeni dateng undangan walimah khitan utawi kelahiran hukumipun sunat boten wajib. Tepi sedoyo kolowahu utaminipun dipun dugeni kranton meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken dening Imam Muslim : Ingkang artosipun : Menowo siro diundang mangko becik tekoho manwa siro poso mangko dongano bagus lan barokah menawo siri ora poso mongko mangano Poro Rawuh kintenipun cekap semanten kangge sambutan kulo akhiripun kulo akhiri kupat lepet taline janur, lepat luput panggahodadi sedulur, sedoyo kelepatan kulo nyuwun pangapunten.

You might also like