You are on page 1of 1

Nama No Kelas

: Resa Paksi M : 25 : IX A

Perpisahan Kelas Sanga


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu Bapak kepala sekolah ingkang minulya, bapak saha ibu guru dahat kinurmatan. Kaliyan kanca kanca sedaya ingkang kula tresnani. Saderengipun sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan arupi kasarasan, satemah panjenengan lan kula saged makempal wonten ing adicara punika kanthi bagya mulya. Wonten ing adicara perpisahan kelas 9 punika, kepareng kawula minangka sesulih saking kelas sanga ngaturaken sesorah. Sampung tigang taun kula sakanca sekolah wonten smp 1 wonsobo punika. Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kagem bapak saha ibu guru ingkang sampun maringi ilmu kagem kita sedaya. Anggenipun pados ilmu wonten sekolah, kula sakanca asring ndamel bapak saha ibu guru duka, nanging panjenengan sedaya tansah sabar anggenipun ndhidhik kita. Ingkang salajengipun, kula minangka sesulihipun kelas 9 badhe nyuwun gunging pangapunten mbok bilih salebetipun kula dipundhidhik temtu kathah sanget kelepatan kula, pramila kersa bapak saha ibu guru nglunturaken sih pangapunten dhateng kula. Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten kagem para rayi kelas anggenipun wonten ing sekolah kita asring ngganggu sampeyan. Ingkang pungkasan, kula sakanca nyuwun donga pangestunipun bapak saha ibu guru, mugi mugi kula sakanca dipunparingi gampil anggenipun pados sekolah kaliyan nggayuh gegayuhan. Kula sakanca ugi ndonga mugi mugi SMP 1 Wonosobo kedah tambah majeng kaliyan tambah sae. Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Mugi mugi ingkang kula aturaken kala wau migunani tumrap kula kaliyan panjenengan sedaya. Kula pungkasi, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatu

You might also like