You are on page 1of 2

TEKS PEMBAWA ACARA DALAM BAHASA JAWA

, , . ,
Nuwun sagunging kinurmatan katur dumateng poro alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi. Khususipun dumateng Romo yai Hadi Muhammad Mahfudz ingkang tansah kito tenggo-tenggo menggah punopo ingkang dados atur fatwa utawi mauidzoh ipun. Dumateng poro pepunden, poro sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti , dumateng peroyaning kautaman ingkang pantes pumundi. Dumateng poro pangambaning projo, satrianing nagari minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang kinasih. Dumateng poro rawuh ingkang sinubo ing suko basuki Minangkani purwakaning atur, Sumonggo tansah kulo Derek aken ngaturaken pujo-puji syukur wonten ngerso dalem Alloh SWT ingkang moho kuoso ,kerono sih wiloso mewah barokah ingkang rumentah dating panjenengan sedoyo dalasan kulo, katitik ing kalodangan meniko kito sedoyo saged makempal, manunggal, saperlu nderek-nderek mangestreni wontenipun acoro walimatul urs wonten ing titi kalodangan meniko kanti widodo rahayu kalis nir sambikolo mboten mange alangan punopo. Rahayuning widodo soho tambahing rubo keselametan mugiyo tansah katur kunjuk wonten junjungan kito , Nabi Muhammad SAW . Panjenenganipun salah setunggaling prio agung, mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang akaryo luko kangge amilujengaken poro jalmo ,awit saking marco podo atumuju syurgo luko,soho salah setunggaling Nabi ingkang mbeto agami ingkang hak, ingkang leres soho ingkang paring syafaat dumateng umat ipun mbenjang ing dinten Qiyamat.Ing pangestu soho pandongo ,mugi-mugi kito sedoyo tansah katetapan dados umat ipun soho pikantuk syafaat saking beliau. Amiin. Poro rawuh, Keparingo kulo matur soho ngempil kamardikan panjenengan rikalonipun saweg sakeco kimawon pangandikan, bilih ing mriki kulo kumowaton ngadek nganyer jumantoko wonten ngerso panjenengan sedoyo,mboten ateges ngilangi toto trapsilo,ananging kulo ing ngriki ingkang nampi ayahan sunaroyo dening rekan-rekan kinen dereaken menggah runtuting adicoro ingkang lumampah wonten saat puniko.Mboten namung pambagyo sugeng rawuh atas rawuh panjenengan sedoyo,soho hanyekecaaken lenggahipun kalayan nenggo titi adicoro kawiwitan. Sak dereng ipun adicoro kalampah, langkung prayuginipun kulo waos aken rantaman adicoro ingkang bade lumampah wonten kalodangan meniko. 1. 2. 3. 4. 5. Pembukaan Penyampaian materi ngajatne islami Praktek ngajatne islami ( sesuai dengan tugas ) Pengumuman pengurus madrasah Al Hikmah melathen DOA

Mekaten kolowahu menggah reraciing adicoro ingkang bade lumampah wonten ing dalu meniko. Pramilo sumonggo acoro ingkang ongko setunggal kito bikak sesarengan kanti washilah surat Al Fatihah mugi-mugi acoro-acoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten setunggalipun alangan punopo-punopo. Amin 3x Yarobbal alamin. ... .

Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting acoro ingkang ongko kalih inggih meniko..... Lumebet adicoro ingkang ongko tigo inggih meniko .... Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken matur sembah nuwun. Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting acoro ingkang ongko sekawan inggih meniko Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting acoro ingkang ongko gangsal inggih meniko pengumuman saking pengurus madrasah pp. Al Hikmah Melathen,Dumateng panjenenganipun kasumanggaaken Lumebet adicoro ingkang ongko enem inggih meniko adicoro ingkang kito tenggo-tenggo inggih puniko muidhoh hasanah ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun almukarrom bapak ...Nur Hadi .. Dumateng panjenenganipun bapak .. Nur Hadi.. wekdal soho panggenan kawulo aturaken. (petugas mauidhoh maju ) Kawulo soho sedanten panitia / shohibul bait ngaturaken matur sembah nuwun dumateng almukarrom bapak .. Nur Hadi... ingkang sampun kerso maringi mauidhoh hasanah wonten ing dalu puniko, mugi-mugi ingkang sampun dipun aturaken kolowahu mbeto pinten-pinten hikmah manfaat barokah dunyo soho akhirot. Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting adicoro ingkang ongko enem inggih doa pamungkas .Wondene wonten saat meniko kulo suwun aken barokah doa nipun deneng panjenenganipun Almukarrom Bopo KH. Anas Syafii Dumateng panjenenganipunwekdal soho panggenan kanti sahandaping raos dipun sumanggaaken ... Poro rawuh sedoyo ,bilih pawiyahan wonten ing wekdal meniko angsal berkah rahmatipun Alloh SWT. Tuwin pijo-puji astuti saking poro rawuh sedoyo sampun kalampah wilujeng nirboyo nir sambikolo,kanti meniko kito tutup sesarengan kanti waosan tahmid biqouli : Nuwun poro rawuh sami saperlu nguntapaken kunduripun poro rawuh sedoyo soho ngaturaken gunging panuwun ingkang mawantu-wantu kanti hasesanti pujo-piji, mugi-mugiporo rawuh tansah suko rahayu ,yuwono, waluyo ingkang pinanggiho .Amiiin Saking kawulo sampun anggadahi katah kasar saruning rembak soho kirang trap silahing atur ,kulo nyuwun agunging pangaksomo wusono kulo pungkasi

You might also like