You are on page 1of 1

Nama No Kelas Sugeng rawuh lan sugeng siang,

: Wahyu Apriyanto : 28 : IX A

Ingkang kula kurmati Bapak Ibu guru, para staff karyawan AMPN 2 Pengasih, ingkang kula kurmati para tamu undangan lan kelas VII lan kelas VIII ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kita ngunjukaken atur puji lan syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, amargi sampun maringi rahmat dhateng kita sedaya sehengga iung wedal menika kita tasih saged kempal manunggal ing enjing menika lan saged dherek mangayubagya ing acara perpisahan. Ingkang sepindhah kula jumeneng ing ngriki nyalirani siswa kelas IX nyuwun ngapura ingkah 3 tahun menika sampun kathah kalepatan mugi-mugi dipun apura. Kelas IX ugi matur nuwun kalian Bapak Ibu guru ingkang sampun mucal kanthi ikhlas, mugi-mugi kelas IX pemangih sekolah ingkang diidam-idam lan mugi-mugi pikantuk biji ingkang se, mugi-mugi bapak ibu guru lan adhik kelas maringi pandonga pangestu lan nyuwun pangapura ing 3 taun menika kathah tindak tanduk iungkang mboten sae mugi-mugi dipun apurani. Kanthi perpisahan menika mboten misahaken tali pasederekan, mugio-mugi siswa kelas VII lan kelas VIII saged njagi asma ingkang sae lan mugi-mugi kelas VII lan kelas VIII pikantuk biji ingkang sae. Ing pungkasaning atur, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kula, saha tindaktanduk kula ingkang kirang nuju prana, saestu kula naming nyuwun lumunturing sik pangaksami.

You might also like