You are on page 1of 6

Tata Cara Mantu Adat Jawa

Rerangkening tatacara tiyang ingkang badhe bebesanan miturut adat Jawa wonten 6, inggih punika: 1. Lamaran 4. malam medodareni 2. Ningseti 5. ijab 3. Siraman 6. lan pahargyan. Ananging tasih wonten tatacara adat sanesipun, gumantung papan lumampahing tatacara punika (adat lokal). Kangge ngawekani mbok bilih anggenipun nglamar dipuntampik, supados boten lingsem pramila wonten utusan ingkang winastan congkok. Congkok punika utusan saking keluwarga PK ingkang nindhakaken jejibahan tindhak wonten dalemipun keluwarga PP saperlu nakonaken. 1. Lamaran Tatacara lamaran ingkang prayogi punika PK sowan wonten dalemipun tiyang sepuhipun PP kanthi perlu ngaturaken bilih keluwarga PK badhe nglamar putrinipun (dinten, tanggal, wanci sarta kathahing tiyang ingkang badhe sowan). Leresipun ing tlatah Jawa, ingkang nindhakaken panglamar inggih punika tiyang sepuhipun PK/ kadhang cinaket (tuladha ingkang nglamar punika tiyang sepuhipun PP: Rembang-Pati, India). Putra kakung boten ndherek, kangge ngawekani mbok bilih dipuntampik dados boten lingsem. Ingkang atur wangsulan punika tiyang sepuhipun PP/ menawi kepepet inggih kadhang cinaket. Urut-urutaning lamaran: a. Atur pangandikan saking PK 1. Muji syukur 2. Pitepangan 3. Salam taklim saking tiyang sepuhipun PK 4. Nyuwun pangapunten menawi sowanipun wonten kiranging subasita 5. Wigatosing lampah 6. Panutup b. Atur wangsulan saking PP 1. Nyuwun pangapunten kiranging panampi 2. Salam taklim katampi lan kosok wangsulipun salam taklim katur tiyang sepuhipun PK 3. Matur nuwun panglamaripun 4. Pangajab/ pangarep-arep
1 Materi Pembelajaran Bahasa Jawa
Tata Cara Mantu Adat Jawa Ikhwatun Khasanah, S. Pd

5. Dipuntampi punapa boten 6. Panutup c. Tanggap wicara pancasan (putusan) saking PK 1. Leganing manah 2. Enggal atur palapuran 3. Nyuwun pamit

2. Ningseti/ singsetan (naleni) Ningseti punika limrahipun kakung tumprap putri. Ubarampenipun inggih punika: a. Kalpika (ali-ali), ngemu suraos tresnanipun boten saged pedhot kados wujudipun ali-ali. b. Ageman putri sapengadheg, ngemu suraos kabutuhanipun PP, lan nutupi sedaya wewadi. bilih PK bakal nyekapi

c. Rerenggan pelik-pelik (emas-emasan), ngemu suraos penganten kekalih boten badhe damel kuciwa. d. Panganan saking ketan, ngemu suraos bilih wos ketan punika tasih kumepyur nanging menawi sampun dipunolah saged luluh dados setunggal (antawisipun PK lan PP). e. Lapis werni abrit lan pethak minangka pralambang manunggaling rah lan sum-suming PK lan PP. rah lan sumsum boten saged kapisah, menawi pisah ateges sirna. f. Woh-wohan (jeruk, manggis, nanas, lsp), ngemu panyuwunan tresnanipun PK lan PK saged mujudaken who ingkang sejati. mugi

g. Gedhang ayu limrahipun gedhang raja), ngemu suraos bilih PK lan PP saged tumindak kados Raja ingkang sarwi tanggel jawab. h. Cengkir gadhing. Cengkir isinipun toya suci, ateges mugi PK lan PP anggenipun mangun bale wisma tansah linambaran tresna ingkang suci. i. Arta utawi buwuh. Kerata basanipun imbuh-imbuh anggenipun ewuh. Tiyang manton punika panci badhe kagungan damel utawi (ewuh). j. Urip-urip (pithik lancur lan dhara, utawi banyak sajodho), ateges ingkang badhe bebojoan saged tanggel jawab dhumateng keluwarganipun kados dene urip-urip.

3. Siraman

Adicara punika dipunwontenaken sedinten saderengipun adicara ijab-qobul, lan dilakoni ing dalemipun PP. wekdalipun antawis tabuh 10 enjing 3 sonten, jalaran wekdal punika minangka wekdalipun widodari nalika siram. Macemmacem tegesipun siraman: a. Siraman dipunwastani adus kembang, amargi toya ingkang kangge adus sampun kacampur kaliyan kembang sritaman (sri ateges ratu, taman ateges papan). Sritaman inggih punika kembang ingkang pinilih minangka ratuning kembang (mawar, melati, lan kenanga). b. Siraman dipunwastani adus pamor, kangge srana ambuka pamor (aura) pasuryanipun panganten, mliginipun PP. supados nalika dipunpaesi, PP pasuryanipunipun kados widodari. Ancasipun siraman: a. Nyuwun marang Gusti supados calon panganten saged kalis ing godha, lan saged nindakaken sedaya acara ngantos purna. b. Kangge ngresiki sedaya rereged lair trusing batin. Ingkang nggadhahi jejibahan nyiram dipunwiwiti saking tiyang sepuhipun PP, lajeng tiyang sepuhipun PK lan dipunpungkasi dening pamaes. Kanthi mecah kendi lan ngendikan wis pecah pamore tegesipun penganten kekalih sampun sumadya anggenipun palakrama. Ubarampe siraman: a. Toya ingkang wangi. Toya ingkang wening pralambang panganten kekalih saged mikir kanthi wening (fikiran jernih), lan tansah wangi ing saben dintenipun. b. Klapa binelah. Tegesipun kekalih panganten saged ngraosaken punapa ingkang dipunraosaken pacanganipun kados klapa binelah. c. Jajan pasar. Tegesipun Gusti punika maha mirah, dados peparinganipun gusti punika maneka warna. d. Sekul tumpeng. Tegesipun tansah enget dhateng pepesthening kodrat ingkang sampun ginaris saking Gusti. e. Ingkung. Tegesipun tansah eling dhateng ingkang maha linangkung. f. Bubur warna pitu. Bubur tegesipun angubur sedayaning pakarti ingkang boten sae, lan tansah nyuwun pitulungan dhateng Gusti. g. Cengkir gadhing. (cengkir= kencenging pikir) tiyang ingkang badhe omahomah punika krdhah nggadahi pikiran ingkang kenceng lan boten miyarmiyur. Sasampunipun siraman wonten adicara dodol dhawet dening tiyang sepuhipun PP. adicaranipun: a. Ingkang sadeyan punika ibunipun PP, dene bapakipun ingkang mayungi. Kanthi ancas bilih tiyang omahomah punika kedhah gotong royong supados gesangipun tansah tentrem. Sanajan namung sadeyan dhawet nanging saged kangge nyekapi kabetahanipun sakeluwarga. b. Ingkang tumbas punika para tamu, migunakaken arto kreweng. Amarga manungsa asalipun saking lemah (kreweng =lemah) 4. Malem medodareni Malem midodareni inggih punika malem saderengipun adicara akad nikah lan
3 Materi Pembelajaran Bahasa Jawa
Tata Cara Mantu Adat Jawa Ikhwatun Khasanah, S. Pd

panggih. Midodareni saking tembung widodari, tiyang Jawa pertados bilih ing malem midodareni punika sedaya widodari saking khayangan mandhap wonten dalemipun PP kangge ndadosaken sampurna lan ayunipun PP kadosta widodari. Ing ndalu punika wiwit tabuh 6 sonten ngantos 12 ndalu, PP boten kenging sare lan boten kenging medal saking kamaripun. Piyambakipun dipunkancani kancanipun ing kamar, lan boten kenging kepanggih kaliyan PK. Urut-urutan adicara malem midodareni: a. Jonggolan/ nyantri/ nyantrik (ngetoke awak, kangge PK). Ing malem midodareni tiyang sepuhipun PK, PK, lan keluwarganipun sowan ing dalemipun PP, kanthi mbeta seserahan. Ing mriku PK namung diaturi segelas toya pethah, lan boten kenging dhahar/ ngunjuk sanesipun toya pethak. Punika pralambang kangge nglatih raos sabaripun PK minangka imam (kepala keluarga). Ancasipun jonggolan/ nyantri/ nyantrik: 1. Ndadosaken bombonging manah keluwarga PP amargi PK tansah pinaringan kawilujengan. 2. Kangge nggampilake petugas KUA kangge naliti administrasi. b. Pasrah catur wedha Catur wedha punika pitutur saking tiyang sepuhipun PP katujokake dhateng PK. catur wedha punika wosipun sekawan pandoming urip omah-omah, inggih punika: 1. K 2. O 3. H 4. i

c. Tantingan Sasampunipun keluwarga PK kondur, pramila tiyang sepuhipun PP dhateng wonten kamaripun PP kanthi perlu nanting sepinten mantepipun PP anggenipun palakrama. Lajeng PP kedah mangsuli bilih PP ikhlas urip beberengan kaliyan priya ingkang sampun dipunpilih. d. Kembar mayang Kembar punika padha, mayang punika kembang. Kembar mayang ateges kembang ingkang werni lan wujudipun sami. Asal usulipun kembar mayang punika saking legenda Dewi Supraba lan Prabu Dananjaya, Dewi supraba kersa dados garwanipun Prabu Dananjaya kanthi bebana, Prabu Dananjaya

saged mundhut kembar mayang khayangan awujud klepu dewadaru. Klepu inggih punika kayu kalpataru, kalpataru dianggep pohon kehidupan, kalpa ateges langgeng lan daru ateges wahyu. Werdinipun inggih punika supados gesangipun saged langgeng. Kembar mayang ngemu suraos: a. Wujud kados redi, inggil, lan amba. Ngemu suraos yen PK kedah nggadhahi kawruh ingkang sae lan sabar. b. Wujud kados keris. Tegesipun penganten kekalih kedah atos-atos sing samubarang tanduk. c. Wujud kados cemeti. Tegesipun penganten kekalih kedah mikir ingkang sae-sae mawon supados gesangipun tansah tentrem. d. Wujud kados payung. Ngemu suraos yen pacangan kedah sami-sami nglindungi. e. Wujud kados walang. Ngemu suraos penganten kekalih kedah tanggap ing sasmita lan saged mundhut putusan ingkang paling sae lan becik. f. Godhong ringin, ateges kedhah nglindungi. g. Godhong kruton, ateges nglindungi panganten kekalih saking roh-roh ingkang ala. h. Wujud kados manuk, ateges panganten kedhah nggadhahi ancasing gesang punika. i. Godhong dadap serep, godhong punika saged kangge obat benter. Nandhakake yen pacangan kedhah nggadahi pikiran ingkang wening nalika ngadepi sedaya perkawis. j. Kembang Patra Manggala, kangge nambahi ayu kembar mayang. Kembar mayang ancasipun: 1. Kangge adicara temu panganten 2. Kangge nebihaken sedaya bebaya/ roh-roh 3. Kangge pakurmatan 5. Ijab Ijab utawi ijab kabul inggih punika ngesahaken ningkahipun panganten kekalih saking petugas catatan sipil. Saking adicara punika, tiyang sepuh PP masrahaken putrinipun dhateng PK. PK nampi PP kanthi ngaturaken mahar kangge PP. adicara punika dipunsekseni dening sedaya keluwarga panganten kekalih, tangga-tangga, lan petugas catatan sipil.

6. Panggih
5 Materi Pembelajaran Bahasa Jawa
Tata Cara Mantu Adat Jawa Ikhwatun Khasanah, S. Pd

Nalika PK sampun dugi ing dalemipun PP, lan PP sampun medal saking kamaripun. Pramila wonten tradisi ingkang wujudipun: a. Balangan suruh, ngemu suraos sinten ingkang kenging suruh punika pramila gesangipun bakal menangan. b. Ngidhak tigan (dening PK), ngemu suraos PK boten bakal nerak wewatoning ningkah. Ngresiki sukunipun PK (dening PP), ateges PP tansah setya lan tansah nglayani PK. c. Sindur binayan, Bapa PP nuntun penganten kekalih dumugi kursi panganten, lan Ibunipun PP nyampiraken kain sindur. Minangka tanda yen bapa bakal nuduhake dalan tumuju kamulyanipun panganten, lan ingkang ibu tansah paring dukungan. d. Timbang/ pangkon. Panganten kekalih lenggah ing pangkuanipun bapa PP, kanthi ngendikan padha-padha abote. Ateges tresnanipun panganten kekalih sami-sami kuat, lan ritual punika minangka wujud sayangipun tiyang sepuh marang putra mantunipun. e. Tanem. Bapa PP nglungguhaken penganten kekalih ing kursi panganten kanthi tanda bilih tiyang sepuh tansah ngrestuni ningkahan punika. f. Tukar kalpika (ali-ali), minangka tanda tresnanipun panganten. g. Kacar-kucur/ tampa kaya/ tandur. Kanthi pambiyantu pamaes, PK maringi dele, kacang, wos, jagung, wos ketan, kembang, arto (uang logam) ingkahng cacahipun genep, ing pangkuanipun PP kanthi pratanda bilih PK tansah paring nafkah kangge panguripan. h. Dulang-dulangan, kanthi pralambang bilih panganten nglakoni urip beberengan wiwit susah utawi seneng. kekalih kedhah

i. Sungkeman, penganten kekalih nyuwun pangestu dhateng tiyang sepuhipun lan marasepuhipun. Diwiwiti saking tiyang sepuh PP. DAFTAR PUSTAKA Pringgawidagda Suwarna. 2003. Paningset, Srah-srahan, dan Medodareni. Yogyakarta: Adicita Karya Nusa http://semarasanta.wordpress.com/2007/09/12/adat-istiadat-jawa-manusia-jawa-sejak-dalamkandungan-sampai-wafat/

You might also like