You are on page 1of 7

Contoh Pidato Bahasa Jawa [Sumpah Pemuda]

Posted on 23 Januari 2012 by Junaidi M Assalamualaikum Wr Wb Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.

Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.

Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :

1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia 2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia 3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera. Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa. Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa Cekap semanten atur kawula Numpak sepur nggawa tali Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur Kula nyuwun agunging pangaksami Wassalamualaikum Wr. Wb

Assalamualaikum Wr. Wb. Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMP Negri 7 Magelang Bapak, ibu guru ingkang dhahat kinabekten Para kanca kelas 7,8 tuwin kelas 9 ingkang tansah kula tresnan

Mangga sederengipun nglajengaken acara, kula lan panjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahma lan hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan. Amien Para rawuh ingkang kinurmatan Salajengipun kula minangka wakil saking siswa kelas 7 lan 8 sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak / ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga raka kelas 9 saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugimugi bapak, ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, Amin Raka kelas 9 ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika, kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas 9. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah mring SMA. Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas 9 ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas 7 lan kelas 8. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet. Sejatinipun tugas para raka kelas 9 menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas 9 kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para raka kelas 9 cita-citaaken saged dipuncapai. Para rawuh ingkang kanurmatan, Mekaten ingkang saged kula haturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, prawila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap gangsuling atur, kula nyuwun angunging pangaksami.

Nama : ikhsantiko aswianto No : 14

Kelas : VIII E (8E)

Wassalamualaikum Wr. Wb *
Assalamu'alaikum Wr. Wb Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guru saha rencang-rencang ingkang tansah kawula tresnani. Ing mriki kawula badhe matur sekedik ngengingi bab tata tertib ingkang sakmeniko sampun kito ginak'aken, ananging taksih wonten bab ingkang kedah kito leresakan. Bab ingkang kedah dipun leresakan, ingkang kawula maksud inggih meniko tata tertib ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan jam utawi wkdal mlebet kelas, sak meniko sak sampunipun ngacik kurikulum anyar, wonten peraturan anyar ingkang kedah kito emut. Ananging mbok menawi peraturan meniko dereng saget dipun umumaken sakmeniko, karono taksih nenggo keputusan saking Bapak Kepala Sekolah. Menawi sampun wonten dhawuh saking Bapak Kepala Sekolah, kawulo badhe ngumumaken malih wonten rapat sak lajengipun. Mbok menawi cekap semanten anggen kawulo matur, nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan. Wassalamu'alaikum Wr. Wb

*
Assalamualaikum wr.wb. Panjenenganipun Bapak Kunadi,S.Pd,.M.Pd minangka Kepala Sekolah SMPN 7 Kota Magelang ingkag dhahat kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang kinurmatan. rencang-rencang kula kelas tiga, adik-adik kelas wolulan lan adek-adek kula kelas pitu. Sumangga rumiyin kula tuwin panjenengan sedaya munjukaken puja puji syukur ngrasaning Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun kepareng paring kamirahan dhateng kula tuwin panjenengan sedaya, pramila wonten kalodhangan punika saged makempal wonten adhicara palepasan kawula lan rencang-rencanf kelas tiga kanthi wilujeng nir ing sambekala. Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng tamu undangan, rencang-rencang kula kelas tiga, adik-adik kelas wolulan lan adek-adek kula kelas pitu ingkang supados dhumateng gingkang acara sak punika. Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur pedhot kekancan. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah. Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus

njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun. Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga. Lan adik-adik kelas kula dingapunten yen kula kang mas lan mbak yu kathah kalepatan. Adik-adik kedah semangat supados bocah kang bisa banggakake sekolah iki. Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung. Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb. *

Contoh Sesorah/Pidato Ulang Tahun Sekolah (Jawa Indonesia)


Posted on January 4, 2012 by admin 1 CommentLeave a comment

Sesorah Ulang tahun Sekolah Nuwun sewu, saderengipun mugi tinebihna tulaksarik, saha kinalisna saking sarusiku sikudendha, tuwin tinebihna saking bendu. Bokbilih pribadhi jasad kula ing mriki kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya kumedah anyigeg wawan pangandikan penjenengan sedaya. Langkung rumiyin sumangga kula dhereaken panjenengan ngunjuaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha Mirah, inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan sami saged pinanggih ing papan mriki kanthi bagya mulya kalis ing sambikala. Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya ngaturaken sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih kaleksananipun sedaya pengetan ambal warsa sekolah

punika. Ugi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng bapak saha ibu guru sumrambah karyawan ingkang keparing paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin akhlakipun para siswa mliginipun. Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika. Kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah pranataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra. Nuwun

* sesorah 'kamardikan RI' Assalamualaikum wr.wb

Ibu Guru ingkang kula hormati, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan Rahmat saha Hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal wonten ing papan mriki. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia. Kita sedaya mangertos, bilih atusan taun kita dipun jajah. Rakyat didamel ajrih dening boten adilipun koloni asing. Kanthi landhasan kekajengan ingkang kuwat, rakyat berjuwang kangge mardika, wonten ing tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus, kangge mengenang lan mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengorbanan para pahlawan ingkang sampun gugur berjuwang kangge kamardikan. Kathah manika warna raos syukur awit kanugrahan kasebat. Antawisipun jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu manika warni, ugi ndandosi lingkungan kanthi aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipun wontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, mangan krupuk, lan sanes-sanesipun. Acara inti dipun wontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17. Pramila saking menika, kita dandosi dhiri kita sakderengipun telat, ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados saged ndandosaken sedayanipun masa depan bangsa ingkang langkung sae.

Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten semawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula ingkang kirang mranani, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb

You might also like