Professional Documents
Culture Documents
Pujo lan puji katur dhumateng Gusti Ingkang Moho Kuwaos, kacikno
wonten kalodhangan wekdal puniko sampun maringaken mapinten-
pinten karohmatan ugi kasarasan dhumateng kita sedaya, saenggo
rencang-rencang saking paguyuban Detik Forum Regional Jogja sampun
saget ngawontenaken salah satunggaling pustoko ingkang dipun
paringi irah-irahan “ PARIKAN – Nguri-uri Kabudayan Jawi”
Ngayogyokarto @ 2009
Editor
http://forum.detik.com 2
PARIKAN ala DF JOGJA
http://forum.detik.com 3
dolan mengetan, dioyak macan
najan brengosan, tapi menawan
jare dhingklik jebule cethok
jare ndhelik jambule kethok
http://forum.detik.com 4
Awan-awan mangan gethuk
bubar mangan kok ngantuk
Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
aku ya ngantri
http://forum.detik.com 5
Bekicot nempel katok
Nyocot thok
http://forum.detik.com 6
Dino Iki, Hari raya
Djogja Kami Istimewa
http://forum.detik.com 7
Ngudak Wedus
Nabrak watu
Ngaku ngaku Bagus
Mung ra payu payu.....
Gajah di Blangkoni
Isone ngejah ra iso Ngelakoni
Gresik suroboyo,
kalah disik ojok ngresulo
http://forum.detik.com 8
lemah teles..
gusti Allah sing mbales
http://forum.detik.com 9
wajik klethik gulo jowo
luwih becik kang prasojo
http://forum.detik.com 10
mbang manggis mbang kenongo
kembang manis ra ono liyo
Menyang kutha
lha kok trima mung nitih unta
Sing cetha
daleme kembang mboten di beta
http://forum.detik.com 11
Jual obeng beli pisau
jeng kembang dimana dikau
http://forum.detik.com 12
Gandheng wekdalipun sampun sonten
Nyuwun pamit rumiyin kula badhe wangsul
http://forum.detik.com 13
Kapan aku iso nyambangi yu Kembang
Yen kembang neng Jogja akune ning Jakarta
http://forum.detik.com 14
mangan gedang karo tahu
jeng kembang i miss you
OOT !!!
http://forum.detik.com 15
Mangan tahu suwe-suwe bosen
seko mburi ayu jebule brengosen
http://forum.detik.com 16
Rino wengi wayahe turu
Nganggo klambi nek arep metu
Ojo gelem diajak mlaku
sing jenenge gudheg awake mambu
http://forum.detik.com 17
ket mau kok mung nyritakake kembang
mbok pisan-pisan genti woh-wohan
aq ra kerjo
ing dina sebtu
kembang-e yogjo
akhire metu
http://forum.detik.com 18
Nyunggi rinjing isine peyek kacang
mlaku aras-arasen merga ora niat
Sugeng enjing sedaya para kadang
mugi sedaya tansah sehat wal afiat
http://forum.detik.com 19
ya biasa jenenge nang forum
wadon siji dadi royokan wong akeh
http://forum.detik.com 20
Sayur terong rupane dowo
Terong dikethok diwadahi kuali
Tuwo ora sembarang tuwo
Otote kawat balunge wesi
pisan lungo nang tengah alas
adoh omah turu neng tenda
najan tuwo neng ora tuwas
wong siMbah terbukti perkasa
Mancing iwak nang pinggir kali
Kaline banjir iwake dho ilang
Jarene otot kawat balunge wesi
Jebulane ra mampu le ngandang
http://forum.detik.com 21
Ranggalawe Adipati Tuban
Amarga pitenah kasoran Yudo
Mulo Pakdhe gawe Parikan
Nyenengke manah sinau Boso
http://forum.detik.com 22
angon sapi neng tegalan
tali pedhot sapine mlayu
pancene bener maca parikan
ati seneng iso ngguyu
http://forum.detik.com 23
bapakne doyan prawan
anake iseh cilik wae wes ra joko
http://forum.detik.com 24
lara mata sakit netra
durung rondho kok wis sisa
http://forum.detik.com 25
seko ngomah wis sarapan
bar sarapan ojo lali ngombe
isuk isuk ra ono gawean
akhire ngepost neng DF wae
http://forum.detik.com 26
mangan getuk seko telo
kurang legi tambahi gulo
Ora ngiro ora nyono
Jebul alumni Lali Jiwo
http://forum.detik.com 27
sepeda kumbang gawean Londo
tetep pinilih senajan tuwo
pasangan HaarT kembang yen kacondro
Koyo Dewi Ratih lan Bathoro Kolo
sumuk ra kringeten
susu didumuk ora keri gebangeten
http://forum.detik.com 28
gardu pandang bukit pathuk
mata abang tandha ngantuk
http://forum.detik.com 29
isuk isuk wayahe kerja
ojo lali karo garapane
ngepost nang reg jogja
iso nyenengke ati kancane
http://forum.detik.com 30
Lha kok ngawa rinjing tah Mbah
tak sawang isine mung klaras
NGaturaken sugeng enjing Mbah
mugi tansah pinaringan waras
http://forum.detik.com 31
Menyang kaligawe arep tuku klasa
tukune janjian karo marmaya
Wayahe megawe direwangi rekasa
wayahe gajian mung di gaji semaya
http://forum.detik.com 32
ngombe wedang, karo pak kliwon
sugeng enjang, sedoyo kemawon
-i'm a new comer-
sepakat pakdhee!!!
duwur mejo
ono taplake
reg'e yogjo
pancen gayengke
http://forum.detik.com 33
aku reti kok mr sedenk pengen mulih
soale bojone arep di brengkal
nasib nasib
mangan telo
karo dab jape
nek wis tuo
akeh laline
mangan telo
karo dab jape
nek wis tuo
akeh laline
http://forum.detik.com 34
mangan telo entuk bongkotane
lha kok midak *** kebo
sing salah dudu mung tata kotane
tur menungsone do crobo...
ronce kembang
kembang cempoko
opo sing ilang,
opo sing sirno ?
http://forum.detik.com 35
mangan gedhang
gedhang rojo
sugeng siang
kawulo yogjo
numpang nguyuuuyuu
kagem simbah
http://forum.detik.com 36
lungo nang pawon nganggo teklek
nang pawon mergo arep mangan
karo simbah ojo wani ngenyek
mengko ndak diuncali ban
wedang bajigur
jagung bakar
poro sedulur
ayo Kopdar
numpak pesawat
iso mabur
tiap jum'at
mesti lembur
http://forum.detik.com 37
siji loro, mangan duwet
wahing sero, monitore bruwet
*njijiki
jenang abang
tuku nang pakem
nasibe bujang
bengi2 kademen
*tenan iki
trasi bakaran
bocah dadi urikan
http://forum.detik.com 38
sambel kecap malah gawe regete jaket
nonton layar tancap kok nganggo tiket ??
madhang=marai padhang
mangan=marai ngantuk
http://forum.detik.com 39
pancen sepi lungguh dewekan
ra ono pacar ra ono bojo
http://forum.detik.com 40
ono wanito ayu moblong-moblong
jebul deweke wis kagungan bojo
*malah nyampursari
--------
awan-awan mangan gedang pinggir kali
ngawang-awang simbah mbujang sopo sing di golek'i...
http://forum.detik.com 41
kayu glugu dikiro meranti
aku nunggu krenteking ati...
ra gelem diwenehi
opo kowe emoh
sing gelem nyilihi
wis lungo adoh
http://forum.detik.com 42
ojo nambah nek ra iso makani ye
opo simbah trimo kreditan panci ye
http://forum.detik.com 43
mbah sijem okeh bandote
kesengsem karo dompete
http://forum.detik.com 44
tuku serabi, ning kota semarang
nik ono sing rabi, aku diundang
tawes,cetul,wader cakalan
wes kriwull pinter temenan
http://forum.detik.com 45
mangan sawi, marai kuru
bengi kuwi, wayahe turu
tuku gethuk
nang yogjo
wayah isuk
ayo kerjo
lambene sariawan
rasane loro tenan
saiki wis awan
wayahe rolasan
numpak kendaraan
ban-e nggembos
bar rolasan
njuk ngepost
si ije leh bokong tepos
nggo kain mlayu-mlayu
iki piye leh ku ngepost
DF-e lelet koyo yuyu
http://forum.detik.com 46
awak pegel penake nglekar
karo ngombe jamu tambah joss
mumpung DF lagi lancar
monggo dilanjut leh ngepost
benjut ndase
lanjut pakdhe!!
http://forum.detik.com 47
numpak jaran balapan karo mobil
durung sarapan ning wis libil
http://forum.detik.com 48
nek pipis dadi hihib
nek nguyuh dadi lurup
http://forum.detik.com 49
iwak banyu opo iwak laut
iwak laut jenenge gereh
mumpung df ora semaput
ayo gawe parikan maneh
kalung manik-manik
kalung dinehke atine rasido gelo
wasyem tenanik
df le tangi mung sedhelo
cah-e ngekost
nang lor sleman
ndisiki ngepost
neng tret parikan
seko Sleman
langsung nang Turi
Gawe parikan
nggo nglipur ati
http://forum.detik.com 50
ngulon ngetan nggowo senthir
dhuwit gajian ya mung mampir
arep lungo
neng pantirapih
wis jam limo
wayahe mulih
*cendole..
blimbing wuluh
ojo dipangan
wis jam sepuluh
lagi iso parikan
http://forum.detik.com 51
tuitt tuittt
kereta api
suitt suittt
iso posting lagi
eman-eman
ojo dipecah
wingi udan
saiki cerah
tuku apem
mung separo
howo adem
kelingan bojo
dolanan
ojo mandeg
bar mangan
mesti wareg
golek mina
nyemplung nang kedhung
wis kadung tresna
ra wani nembung
sodo dilincipi
durung sido ning wis ngicipi
nuwun
http://forum.detik.com 52
klambi abang slendange biru
sing digadang malah mlayu..
di wolak-walik wae
glali gulane
paitan jamune
lali rupane
kelingan rasane
wak pitik dhodho menthok
lingguh dingklik ndondomi kathok
http://forum.detik.com 53
kayane kerep krungu parikan iki gek SD
wayah bengi
nonton indovision
df mota-mati
ayo ngajukke class action
karo iki
pring mentul pucuk
kolojengking ngentup bathuk
iwak cucut
awake teles
DF semaput
awak teng greges
http://forum.detik.com 54
sopo doyan telo
aku yo doyan
siiip
ojo nesu
yen dikandani
dino minggu
DF-e sepi
mangan duren
sing akeh
dino senen
rame maneh
mangan duren
di iles-iles
dino senen
awake lemes
http://forum.detik.com 55
weteng mules
kakehan kentaki
awake lemes
kakehan.......kerjo
OOT diluk...
ki goro2 ngomong duren,
awan2 ono sing ngeteri duren akeh bgt,
akhire seruangan mabok duren kabeh
lungguh nyenuk
nganti awan
weteng kluruk
ayo gek sarapan
http://forum.detik.com 56
nganggo kemben
gek cepet diuculi
aku kangen
karo sing taktresnani
mlebu DF Yogjo
karo lesehan
dino seloso
ayo gawe parikan
*manthous banget
awak kuru
kurang mangan
bar turu
gawe parikan
wis sarapan
nganggo tempe
http://forum.detik.com 57
gawe parikan
cen nyenengake
panganane
gedang karo telo
pengalamane
sakdurunge dadi rondo
http://forum.detik.com 58
karepe wae kurang toto
tetep wae kurang ceto
gulo manis
dinggo es teh
dino Kamis
parikan maneh
kuto sleman, sleman sembodo
kulon progo, iku binangun
ono prawan ayu nggolek bojo
mr.sedenk seng paling wangun
http://forum.detik.com 59
ketiban kursi, nganti kejengkang
okeh sing ngantri, tur nagih utang
nini pelet
rondo sugih
DF lelet
tinggal mulih
http://forum.detik.com 60
mlaku mlaku nang ratu boko
tumbas banyu klopo ojo lali tambah gulo
sesuk prei telung dino
iso ngaso sing dowo
kembang jati
dudu kembang koro
http://forum.detik.com 61
nampik siji
teko maneh limo
bubar adus
nuli lungo
bocah bagus
uwis teko
http://forum.detik.com 62
nahan luwe nganti gering
pancen nyata kurang pangan
rame rame melu gathering
mugo mugo entuk gandengan
arep dolanan
karo tanggane
siMbah sukuran
melu ndongakne
sate kirik
ambune tengik
gampang dilirik
angel dimilik
iwak hiu
iwak mas koki
bojo ayu
tansah ngangeni
duit akeh
ojo sembrono
anak sholeh
nyenengke wong tuo
http://forum.detik.com 63
jarang kepang ala jaran kore
wong lanang menangan dhewe
sakdurunge mangan
siapke piring lan gelas
urip bebojoan
kudu sabar lan ikhlas
dino Jumat
nganggo bathik
pengin selamat
tumindako becik
http://forum.detik.com 64
tangan tengen
opo tangan kiwo
aku kangen
karo kuto yogjo
nduwur mejo
ono amplop
"Kembang"-e Yogjo
pancen nge-top
welah???
iki karepe kepiye??
http://forum.detik.com 65
batako diuntal wewe
yen ngono, ra sido wae
golek pandan
cedhak wit pring
nek wis sarapan
ayo do posting
http://forum.detik.com 66
kapal keruk taline kenceng
moto ngantuk gulune cengeng
lambe meneng
durung mangan sego
atiku seneng
arep mulih Yogjo
http://forum.detik.com 67
gunung kendeng ing tengahe pulo jowo
bukit plawangan ijo royo royo
ati seneng iso ketemu df yogja
meski ra kumanan olehe poto-poto
godong telo
digawe jangan
melu gath Yogjo
akeh kenangan
mangan sego
sego aking
siMbah-e yogjo
doyan-e posting
ono manuk
mencok pager
hawa isuk
pancen seger
http://forum.detik.com 68
sing sregep nyambut gawe
ben cepet sugih
gandeng saiki wis sore
aku pamit mulih
ono udan
ono petir
yen bhar nguyuh
ojo lali di ghebyurrrr
http://forum.detik.com 69
dadi bujang kudu sing sabar
mugo cepet ketemu jodone
iwak sepat
iwak hiu
saiki dino Jumat
sesuk dino Sebtu
keren perikane
mangan kupat dientup tawon
saiki jumat jumat kliwon
lambe meneng
mergo mangan akeh
atiku seneng
sesuk prei maneh
panganan
seko telo
arep jalan-jalan
kok tanggal tuo
http://forum.detik.com 70
golek banyu
arep umbah-umbah
ojo sorry karo aku
sory karo TS-e siMbah
pasar Kuncen
ono ing Yogjo
dino Senen
ayo do kerjo
panganan
jenenge gethuk
bar mangan
mesti ngantuk
http://forum.detik.com 71
mangan coto tekan makassar
adoh jew....njuk kesasar...
OOT diluk...
wah, dadi kangen mangan coto makassar ki ...
opo maneh karo sop Konro-ne ...
sate kambing
neng pakualaman
sego kucing
nang angkringan
wetenge ngelih
yo dipakani sego
rung iso mulih
ngenteni jam limo
bal-balan
ojo kerah
bar bayaran
mesti sumringah
http://forum.detik.com 72
dadi uwong anyaran
malah diunekke kethek
tanggal siji bayaran
tanggal limo wis entek
tuku obat
obat watuk
melu rapat
mesti ngantuk
jangan kare
opo jangan lodeh
wayah sore
enake ngeteh
saiki jeleh...
nek ndelok tipi
mas iwan nggawe teh
aku nggawe kopi
yooo.. kopi kopi... ting ting ting....dadi eling nek numpak sepur senja
moto merem
ra weruh opo2
ora gelem
ojo dipekso
tuku gethuk
neng pinggir kali
moto ngantuk
ayo ngombe kopi
metheti manuk
karo angon wedhus
http://forum.detik.com 73
awake sumuk
mergo rung adus
*saran ahli : aku wis weruh cah loro kui kabeh, koyone cocok
http://forum.detik.com 74
nggawe bangunan
nganggo semen
tantocool kisinan
kembang no comment
http://forum.detik.com 75
mas iwan seneng gawe gosip
mergo seneng nonton sinetron
http://forum.detik.com 76
ning ojo mlayu ndak bakso-ne wutah
arep sinau parikan ojo karo aku
tapi karo guru besar-e dab siMbah
http://forum.detik.com 77
gawe gulo dadi glali
le getun ra uwes uwes
wes sore wayahe bali
neng kok malah udan grimis
(gawe parikan)
tuku gulali
neng sekatenan
minggu iki
sinau parikan
anak kebo
mangan lemper
biyen bodo
saiki pinter
http://forum.detik.com 78
gulo klopo gulo jowo
madhang lemper kanggo cemilan
ora nyono ora ngiro
kembang pinter gawe parikan
ngombe kopi
mangan tahu
ojo lali
karo aku
http://forum.detik.com 79
kang tantocool pancen gagah
jeng kembang dibelani mati-matian
biting klopo
dadi balunge layangan
witing tresno
jalaran soko parikan
biting klopo
dadi balunge layangan
witing tresno
jalaran soko parikan
witing uwi
ho-o kui
panganan telo
dadi tenan po yo?
http://forum.detik.com 80
sawah ombo jenenge bulak
wit kecipir tukul ing galengan
pantes kang tantocool selak
sing di taksir malah kang iwan
mbakar sate
nganggo tusuk
wayah sore
mesti ngantuk
nguleg bawang
nggo bumbu jangan
jeng kembang
pinter parikan
paimin
karo painem
nek isin
mesam-mesem
http://forum.detik.com 81
rasah perlu dirayu rayu
wis dewasa iso milih
sahabat karib
pancen apikan
wis arep maghrib
wayahe pamitan
ora sinting
ora keduman
ora posting
ora bayaran
http://forum.detik.com 82
srengenge cemlorot wayah awan
mripat ndeleng marai perih
ooo jebule kok wes awan
mulane weteng wes ngelih
montor mabur
ono pilote
monggo sadulur
dicek kulkase
arep dandan, kalmbine mambu kapur barus
udan-udan, karepe arep nguyuh terus
lingguh nyenuk
pinggir kali
moto ngantuk
ganjele kopi
mangan tempe
ngombe kopi
wayah sore
mesti sepi
melu rapat
entuk roti
nek dino jumat
mulih rodo bengi
http://forum.detik.com 83
tantocool ngajak ketemuan
tak dongakne dadi berkah
ngisor amben
ono klosone
dino senen
pancen nyenengke
tumpakane Jaran
ingonane Sapi
Sepi Parikan
Mergo DF mati
awan-awan
neng sor wet gede
arep aprikan
kok ra nde ide
sego kucing
campur santen
kakehan posting
amargo kangen
http://forum.detik.com 84
sore-sore adol tempe
kudanan munggah mbale
sek penting keslametane
dudu entuk oleh-olehe
neng lembah
dodolan kathok
mijeti simbah
mung balung thok
tuku kalung
dinggo bojone
siMbah lagi bingung
nentokke calon pendampinge
http://forum.detik.com 85
kayu diobong dadi awu
dinggo campuran ngresiki kendi
postinganku meh limang ewu
penake ditibakne ono ngendi
telu papat
limo enem
bar sholat
ati tentrem
mbah darmo
mancing iwak
meh jam limo
wayahe cepak2
http://forum.detik.com 86
ojo sedih dadi bujangan
rabi pisanan langsung loro (2)
wit mlinjo
wit klopo
dino seloso
penake ngopo
pasar kuncen
dodolan sapi
kok tumben
parikan sepi
prambanan cerak soko trunu
parikan sepi sing nunggu lagi turu
dodolan sapi
sing payu mejo
parikan sepi
mergo jam kerjo
http://forum.detik.com 87
buah apel buah duku
dileboke ono kranjang
pie le arep iso tuku
wong reregan podo larang
http://forum.detik.com 88
halo budhe, ngaturi sugeng
kareben rame, lan ugo regeng
kecemplung kolah
klambine teles
arep kuliah
kok males
wis mangan
nganggo tempe
urip kekancan
pancen nyenengke
bibir dikulum
manis senyumnya
assalamu'alaikum
warga jogjaaa ...
http://forum.detik.com 89
kungkum di waktu malam
dingin rasanyaaaaaa
wa'alaikumussalam
kang iwanoor semuaaa
mambu bangke
neng lor njaratan
mendah nyenengke
esok-esok salam salaman
simbah buyut
lagi watuk
DF semaput
marai ngantuk
dadi wong ojo dumeh
mengko mundak ora diuwongke
yen DF eror maneh
garapan iso dirampungke
anak bojo
kui amanah
DF Reg Yogjo
momode siMbah
http://forum.detik.com 90
wit klopo
wit blimbing
jare kerjo
malah posting
awak cilik
koyo biting
kerjo sithik
akeh posting
awak sehat
ketok sumringah
dino jumat
kanggo ngibadah
awak kuat
manggul blanjan
dino jum'at
mangan gratisan
nganggo klambi
karo kathok kolor
df saiki sepi
mergo kerep error
http://forum.detik.com 91
lombok ijo, kok disirami
golek bojo, sing apik ati
klambi ijo
ilang benikke
pengin mbojo
rung ngreti carane
http://forum.detik.com 92
tumis acar, enake nggo sarapan
golek pacar, ojo mung nggo dolanan
numpak biskota
ojo pangkon
Kopdar jogJAKARTA
wis kelakon
tekan pasar
tuku gorengan
melu Kopdar
tambah paseduluran
mangan lanting
karo gojekan
ket mau arep posting
kok terhalang gawean
http://forum.detik.com 93
sore ngungokne dangdutan
disambi karo klekaran
nek DF ndut ndutan
le posting ra karuan
jam papat
mangan tahu tek
awake sehat
ning duite ntek
http://forum.detik.com 94
wit jambu nggo omah rang-rang
tuku ketan nggo gawe rengginang
daripada udud mendingan nginang
untu kuat tur ora goyang..
http://forum.detik.com 95
blusuk blusuk nemu kluwih
isuk-isuk weteng ngelih
sego pelangan
dithotholi pithik
rumongso kelangan
opo iki demenane kripik??
http://forum.detik.com 96
nek nggosip entuk ning trit parikan
aku yo mung hatur tapak asmo mawon
sekar maskumambang
nggawe tentrem ati
ra ono jeng kembang
trit boso jowo sepi
lungo mrono
mbalik mrene
aku tresno
karo kowe
http://forum.detik.com 97
senthir lengo bimoli
sing dipikir malah lali
http://forum.detik.com 98
isuk-isuk nyegat bakul jamu
pek jambe disambi pek pete
insya alloh iso ketemu
nek ono gath selanjute
http://forum.detik.com 99
ora pareng tumrap agomo
pitik walik
sobo kelon
pamit disik
arep kebon
alas roban
ono uwite
nek bubaran
golek liane
tekan prambanan
arep ndelok candi
http://forum.detik.com 100
tumben tenanan
tret parikan sepi
ono tempe
karo gethuk
wayah sore
marai ngantuk
http://forum.detik.com 101
sambel gereh
sambel gudeg
mangan akeh
dadi wareg
neng ngarepan
nandur kluwih
rung sarapan
iseh ngelih
nang ngarepan
nyegat bakul areng
Rung sarapan
hayuk sarapan bareng....
obat watuk
obat flu
moto ngantuk
rung iso turu
http://forum.detik.com 102
obat watuk obat flu
moto ngantuk ndang guyuro nganggo banyu
jam papat
punjul telu
melu rapat
malah turu
peyek paru
peyek yuyu
Piye le ra turu
snack rung metu
godhong waru
tibo kanginan
arep turu
ono gawean
weteng ngelih
wis ora kuat
arep mulih
kok ra niat
http://forum.detik.com 103
nek ayahwene mulih
jo ojo di potong gajih...
tuku gethuk
nang beringharjo
wayah isuk
wayahe kerjo
ngokone weteng
aluse padharan
kerjone mempeng
dinggo urip bebrayan
http://forum.detik.com 104
ayo podo syukuran
arep mangan
nang restoran
urip bebrayan
nentremke pikiran
ganjil genep
sinau aljabar
makaryo sregep
rejeki lancar
numpak prau
lungguh ning dingklik
yen wis payu
ra ono sing nglirik
jangkrik ngerik
marai turu
nek ono le nglirik
bojone le nesu nesu
http://forum.detik.com 105
yen pengen golek sing liyo
jo nganti ngerti bojone
akeh ragat
ora po po
sing penting Lego
http://forum.detik.com 106
nek wis ono sing mangku
yo golek liane wae kang
ayo gegenen
gawe gethuk
dino senin
mesti ngantuk
http://forum.detik.com 107
moto pedes awak lungkrah
pengen pijet ra ngerti nggone
awak seneng ati bungah
le gajian arep tekan nggone(tanggal enom maksut'e)
mangan gethuk
sinambi ngiyub nang gubug
Ya isih ngantuk
wong turune rung tutug....
http://forum.detik.com 108
alhamdulilah tansah sehat
nganti ra lali vote kang tanto
kangen yogjo
pengin bali
saiki kerjo
sesuk prei
bar mangan
soto daging sapi
tret parikan
saiki kok sepi
http://forum.detik.com 109
mungkin sami dereng enten ide
monggo kang iwanoor sing menginspirasi..
tuku gethuk
lebokne amplop
moto ngantuk
kakehan angop
awak sehat
ora lungkrah
dino jumat
ayo ngibadah
sandal jepit
sandal lili
dino kejepit
kok le sep
ono bandit
http://forum.detik.com 110
neng penjoro
nyuwun pamit
ra OL 2 di
ono sapi
neng kali
dino prei wingi
parikan dadi sepi
tuku jagung
neng pasar legi
aku bingung
milih sik endi
tuku kayu
neng pasar wage
milih ayu
kok ayu adine
tuku kismis
neng pasar gede
milih manis
kok manis mbakyune
http://forum.detik.com 111
wayah isuk mancing ning tengahe kali
ati bungah esem sumringah
isuk-isuk ketemu pujaan hati
wong loro
podho gendhenge
yen ngono
tak nekat wae
awak lemes
biru erem
udan deres
howo adem
kupat santen
lawuh tiwul
nek kademen
ngnaggo kemul
http://forum.detik.com 112
ra iso mbales opo opo
gondhol wewe
wewene gombel
nek wes duwe
ora oleh ndobel
klambi batik
dinggo wong lanang
opo kang D12K
arep ndobel kembang
http://forum.detik.com 113
iso tekan ngendi endi
pitik walik
sobo kebon
bocah cilik
seneng klepon
http://forum.detik.com 114
ngupil kesogok loro irunge
nek keculek loro neng moto
maturnuwun sakdurunge
ra iso mbales opo opo
ngombe obat
karo kopi
dino Jumat
rodo sepi
bar mangan
nganggo roti
wong2 parikan
podo nangdi ?
akeh gawean
marai bete
ra parikan
ra duwe ide
mangan tahu
ngombe kopi
nek sabtu minggu
parikan sepi
cilik, dowo
kang D12K, nangdi yo ?
http://forum.detik.com 115
opo lagi rembug tuo ?
http://forum.detik.com 116
becak timik timik
mangan empling
seko mlinjo
sugeng enjing
cah yogjo
mata ngantuk
turu angler
esok esok
podo seger
mangan gethuk
karo manthuk-manthuk
isih isuk....
mripatku kok wis krasa ngantuk..
habislah gelap
terbitlah terang
diservice lengkap
hatipun senang
mangan tempe
ngome teh tubruk
angger sore
mesti ngantuk
kopi tubruk
tambah gorengan
esuk esuk
posting dewekan
kuda zebra
belang-belang
bar siaga
dadi penggalang
http://forum.detik.com 117
kuda zebra
rodo loro
bar siaga
terus poso
dikongkon blanja
malah ngundhuh kangsen
arep mangkat kerja
ning kok rasane aras-arasen
arep mangan
nang italy
saiki tret parikan
kok rodo sepi ?
ngiris bawang
bawang putih
jeng kembang
kok kerep ngelih ?
lagi panen
http://forum.detik.com 118
kacang kulit
dino senen
dino kejepit
sandal jepit
merk e melly
dino kejepit
suasana sepi
sandal jepit
nganggo tali
bar kejepit
sesuk prei
tuku brambang
karo iwak pepes
jeng kembang
pancen mirip jeniper lopes
numpak kreto
ojo lali karcis
jare sopo
aku mirip artis
seko wetan
golek gaweyan
trit parikan
koyo kuburan
http://forum.detik.com 119
nganggo klambi abang arep lungo
jeng " kembang " duko leh kulo
adus getih
nganti ketekanan pati
weteng ngelih
iso dadi inspirasi
kewan landak
kewan berang2
bensin mundak
reregan larang
http://forum.detik.com 120
sarwo endah pemandangan gunung salak
kang parto lagi proyek nambah anak
tuku pasir
nggo nggawe omah
anak lahir
rasane bungah
esuk dele
sore tempe
yo mugo2 wae yo le
biso kepenak uripe
kang parto
underscore sentono
golek ngelmu nang ngayojokarto
ben pinter kondang ing ndonyo
tumbas Kendhang
nggo nabuhi Bagong
sing digagas
malah ra dong
http://forum.detik.com 121
yen ra kuat ngemuto jempol
esuk dele
sore tempe
yuk podo sare
wes wayah sore
numpak andong
neng beringharjo
sopo sik ngomong
yen aku lagi loro ?
wong bingung
mergo ora iso
dadi ngitung2
posoku wis pirang dino
http://forum.detik.com 122
lara watuk golekko tamba
tamba jamu biasane mandi
esuk esuk kepethuk kenya
dasar ayu tur merak ati
golek panganan
entuk roti
tumben tenan
parikan sepi
weteng wareg
bar diwenei roti
iyo kih, kok sepi?
http://forum.detik.com 123
dasar bagus tur merak ati
mangan bubur
neng lempuyangan
timbang nganggur
gawe parikan
neng bugisan
ndelok sawah
rame2 mbelani bal-balan
ning ojo nganti kerah
anak kembar
seneng dolanan
tuku tv anyar
nggo nonton bal-balan
lambe manis
ngisore mripat
saiki Kamis
sesuk Jumat
golek panganan
ono gethuk
http://forum.detik.com 124
nek rodo awan
mesti ngantuk
awan
opo bengi
parikan
kok sepi
iwak pitik
dodo mentok
linggug dinklik
ndondomi kathok
sego kucing
ora popo
rego miring
monggokerso
awak sehat
tentrem ati
saiki jum'at
sesok prei
awak sehat
tentrem ati
saiki jumat
setu ora prei
sanga papat
punjul enem
menawi lepat
nyuwun ngapunten.....
songo telu
punjul enem
samang niku
lulusan pakem
mangan kupat
http://forum.detik.com 125
dipek dhewe
opo kumat?
terus kepriwe?
dino jumat
kanggo ngaji
menawi kumat
gek diobati
mangan kupat
diporo enem
menawi kumat
dibeto neng pakem
ra enak dilepeh
nek enak disikat
sedelok maneh
sholat jumat
sendok garpu
nggo mangan mi
dino sabtu
kok rodo sepi
kurang sajen
dadi kumat
dino senen
kudu semangat
iwak pitik
dodo mentok
lungguh dingklik
dondomi kathok
http://forum.detik.com 126
nyambut gawe rekoso
suwe ngenteni gaji
tekan dino seloso
parikan ijik sepi
kangen anake
bali neng omah
parikan rame
atine bungah
ono jadah
karo tempe
aku wegah
mangan pete
http://forum.detik.com 127
suket dientul-entul
kroso anget banjur nkrinkul
gethuk lindri
angger pethuk, malah geli
peyek kacang
nek elek, gek ndang dibuang
pitik mangan
nganggo katul
sik nggawe tret parikan
kok ra njedul-njedul ?
supoyo kepethuk
tunggu neng tengah dalan
aku kok ngantuk
mergo nonton bal-balan
jenang gulo
jenang sungsum
ojo gelo
nek tak cium
ono kewan
lagi gremet gremet
kang iwan
wis ra kuat ngempet
ono kebo
lagi gremet gremet
kurang 21 dino
ijik kuat ngampet
http://forum.detik.com 128
jian rasane pancen nelangsa
bacut tresna, jebulane cidra
ono manuk
neng wit waru
moto ngantuk
mending turu
ra iso nglangi
keplepek banyu
wis tengah wengi
rung iso turu
ngombe obat
ben cepet mari
dino Jumat
nggo senam pagi
mangan tempe
karo jadah
saiki wis wayahe
yo podo ngibadah
rupo melas
matane merem
awan panas
bengi adem
nawu kolah
lha kok entuk boyo
prancis kalah
ganti jago wae yo???
http://forum.detik.com 129
tuku permen
entuk gereh
suk dino senen
macet meneh
blimbing wuluh
tibo neng kedung
siMbah wis sepuh
ra wani nembung
bambu petung
disigar sisih
durung nganti nembung
wis ditembung disik
adus kramas
saben sore
kok dho panas
aku wae nyante
http://forum.detik.com 130
bener kui kang
prihatin lan mesakke
ngisor mejo
ono kapur barus
pancen siMbah yogjo
ijik enom lan bagus
dalan alus
dadi lunyu
bocah bagus
mesti payu
kepang dieneng-eneng
pancene simbah ngleleng
nduwur mejo
ono kecapi
DF reg Jogja
saiki kok sepi
http://forum.detik.com 131
neng kandang sapi
ngopyok arisane
DF Yogjo sepi
mergo ora rame
lagi wae tangi langsung numpak taksi
lungo neng suroboyo tuku sego rawon
mbiyen rodo sepi saiki malah tambah sepi
ateges ora bedo alias sami mawon
wayah wengi
mulih neng omah
saiki rodo sepi
mergo ra ono gajah
menyang kali
arep adus
kebab turky
mak nyusss
wayah bengi
wedangan kopi
tumben saiki
parikan sepi
esuk bengi
ra ono lawuh
aku ra ngerti
mbuh ra weruh
http://forum.detik.com 132
ono sego liwet kanggo sarapan
bubar sarapan ngombene kopi
ngaturaken slamet kagem Jerman
ngaturaken syalut kagem Turki
mangan jeruk
lingguh neng dingklik
ora entuk
mergo ijik cilik
http://forum.detik.com 133
bathok bolu isi madu
tawon madu ngisep sekar
karo aku wis setuju
parto melu dadi bubar
http://forum.detik.com 134
umpomo simbah arep ngesun
paling mbukak manuale dhisik
lambene manyun
matane metoto
buku manual ngesun
mesti karangan Parto
lubering banyu
nganti garing atis
ora usah sinau
koyo ngunu kui otomatis
http://forum.detik.com 135
pitik kalkun opo pitik kate
dipakani gabah malah podho lungo
iki tak sun neng sithik wae
nek pengin nambah enggal maturo
mangan klopo
cacahe limo
siMbah wis tuo
putune wis piro ?
http://forum.detik.com 136
kertas diremet buang jogangan
ono wong dusun kelangan gelang
lagi mumet aku karo gawean
yo gek disun ben mumete ilang
jalan-jalan di magelang
banyak lubang di jalan-jalan
jalan-jalan di pasar kembang
banyak lubang berjalan-jalan
golek rosok
okeh duite
utek bosok
okeh singgate
http://forum.detik.com 137
Jan;e ki aku gak jireh..
Nanging wedi mengko ono seng ngacungne golok.
http://forum.detik.com 138
Mbok ojo koyo ngono mas.
Jebul'e ndi-ndi wong lanang podho,ojo ditiru coro legowo.
164
paling enak kripik undur2
di tuku seko pantai cibirit2
ngekek dulu,,hari mau tidur
daku takut ampe lari terbirit2
http://forum.detik.com 139
penggemar piye??
kuwi moro arep nonton je
http://forum.detik.com 140
Legowo mangan kodok kongkang
Poko'e pean kang parto tenan sip kang
kemol teles
yo mbok di pepe
http://forum.detik.com 141
you wes
ra popo nek ra due
stasiun tugu
stasiun balapan
ono bocah ayu
mesti dinggo rebutan
parangkusumo
parangtritis
sing rodo tuo
mesti luwih manis
Parangkusumo....
Pantai aduhai.....
Makin tuo.....
Samsoyo Lihai
parangkusumo
parangtritis
sing rodo tuo
mesti luwih amis
ireng meko
koyo areng
parto teko
forume gayeng
http://forum.detik.com 142
sambel gereh
lawuh sego
nek bubar kabeh
njuk arep ngopo?
kepang dieenenk2
barli pancene gendenk
jam sewelas
punjul seprapat
http://forum.detik.com 143
pengin waras
ngombe'o obat
mangan sate
ngombe kopi
angger sore
mesti sepi
mbacem tempe
diwadahi kwali
wes sore
wayahi bali
nggembol watu
cacah limo
nek wis setu
arep ngopo?
kapur barus
cemplungke lodeh
lembur terus
duite okeh
http://forum.detik.com 144
kain biru wadahe peti
minak jinggo gadane kuning
bojone ayu ora gemati
nek di lirik tonggo ojo gulung koming
ono gunane
wong seneng main piano
bedo rupane
rasange mung koyo ngono
tahu tempe
ayo dipangan
njedul sore
sisan pamitan
Mangan Telo,
ojo dicampur ketan,
Lagi teko,
kok wes pamitan
omah tikus
arep disapu
simbah bagus
arep turu
gunung kemukus
dikebakki watu
sing luwih bagus
wis tangi turu
http://forum.detik.com 145
kapur barus
diguyur banyu
kang D12K bagus
mergo wis payu
turu amben
kok ora uwis biasa
ra bagus yoben
sing penting perkasa
nyumbang beras
nggo sedekah
http://forum.detik.com 146
paling waras
yo mung siMbah
172
Kawruh Ilmu ono Bonoloyo.....
Tumrap ati ben ora blongkrah.....
Konco,ojo podho suloyo.....
Ayo kita nikahkan Simbah.
http://forum.detik.com 147
gendange ledhek munyuk, pak ketipang ketipung
e e e e barlian tiba2 morooooo
nek siMbah dadi anak punk
njut barlian dadi opo?
tuku klambi
dikumbah rinso
sing di tresnani
kok ora rumongso
Tuku Rinso
Tekan giwangan
http://forum.detik.com 148
Aku Nelongso
sampe ra doyan mangan
neng lapangan
dolanan layangan
wes jeng..
tenang...tenang....
http://forum.detik.com 149
kang parto
ayo ditutuki
page 175
ditunggu-tunggu
raono kancane
minggu-minggu
ojo mbot gawe
http://forum.detik.com 150
ulang taon digawekke kue
dipangan dewe jo nganti do weruh
wes dab..semangat wae!!!
yo ngene iki jenenge buruh
http://forum.detik.com 151
walah jeng ilova nandi yo
wes selak kangen, pengen parikan
kepengen cukur
neng salon astuti
yo wes, syukur....
berarti koe wes mari
mbenakke genteng
sikile gemeter
cocotmu denk
njalok diplester
sworo banter
mekakke kupinge
seng diplester
sonyolmu wae
suoro banter
ombo cangkeme
sonyol diplester
libile njuk piye?
mangan bolu
dinggo sarapan
awak ngilu
merga kasmaran
http://forum.detik.com 152
Monggo sami lenggah
ampun lali meniko camikan
kok podo mbah ??
Kulo nggih kasmaran
asembuh luweh
rangurus dheweke
kasmaran kabeh
ayo gek dirabekke
ya iya lah,
masa' ya iya dong
ono bocah
wudele bodong
tahu tempe
ambune sangit
sampun sore
nyuwun pamit
bodong ditaleni
omah kobong dibendeni
http://forum.detik.com 153
ngarep iku ngajeng
kiwo iku tengen
walah jeng...
kok serius temen.
wengi peteng
nguripke lampu
sek dilit jeng
aku handle tamu
http://forum.detik.com 154
iwak hiu mangan badak
i love u mendadak
Page 180
jangan kangkung rodo mblenyeh
bubar pakpung, baleni meneh
buto ijo
buto cakil
ndelok nganggo moto
nendang nganggo sikil
http://forum.detik.com 155
isi sawo
jenenge kecik
monggo
mas kripik
enak tenan
mangan bakso
adiku iwan
saiki lagi ngaso
ono kebo
dipangan macan
sore2 wis ngaso
mergo kakehan mangan
kupat santen
dados bubur
wanci sonten
ajeng kondur
manuk doro
isuk-isuk, ono sopo ?
http://forum.detik.com 156
mangan bakwan aduh asine
ra dipangan kele-kele
Okeh prawan ilang isin-e
turut ndalan ngeler wudele
deleg-deleg
karo manthuk-manthuk
weteng wareg
njuk marai ngantuk
ora awan,
ora wengi
saiki parikan
kok rodo sepi ?
esuk sarapan
terus klekaran
akeh garapan
ra mikir parikan
bacah prigel
opo opo di saut
awake kesel
boyone senut senut
bocah prigel
kudu ngati-ati
kang parto pegel
sopo kuat mijeti ?
http://forum.detik.com 157
page 183
Wong Mati mlebu Bandoso
sing jelas dudu kang Parto
http://forum.detik.com 158
ono kuping ono moto
moto melek nganti amnesia
ojo sering ngenyek si parto
parto elek tapi juga manusia
iwake lele
kecemplung ning banyu
mbange kowe
wis di obral tetep rapayu
Numpak Prau
neng selokan
kok do Padu
neng Parikan ?
http://forum.detik.com 159
iki ora padu kok diajeng
tur namung ngangsu kawruh
tuku buku
regane sewu
jo mergo aku
dadi do padu.
http://forum.detik.com 160
bengi2 golek susu
ora ono malah enthok pupu
pancen bener kandamu
setuju aku
sirahe gundul
ojo panasan
http://forum.detik.com 161
niki Mas Timbul
kembarane mas iwan
arep turu
malah mlebu ning bandosa
awakmu kuru
isine mung balung karo dosa
http://forum.detik.com 162
ubuh-rubuh gedang le mlaku
duh..aduh...senang hatiku !!
dibanting
kiwo tengen
suwe ora posting
marai kangen
ki timbul
dalang wayang
isuk njedul
awan ngilang
http://forum.detik.com 163
nonton pilem layar lebar
ono stdion kajuruhan
podo bocah anyar
ayuh podo salaman
arep mbayar
malah kejegluk nganti benjol
yen bocah anyar
urung iso carane ngenei cendol
ra kuat mbayar
rasah kakean alasane
snadyan anyar
ning ora podo karo koe
tuku jadah
pasangane tempe
pakdhe gajah
pripun kabare ?
http://forum.detik.com 164
yang jogja numpak taksi
Awas.....Tawon alas bereaksi
manuk manyar
lebokke kurungan
iki cah anyar
ning wis trunyukan
manuk manyar
lebokke jaratan
id ne anyar
gek gek klonengan??
bar jumatan
enake mangan
seko parikan
nganti klonengan
ngombe kopi
karo mangan tempe
siMbah nangdi ?
kok ra ono kabare ?
mbakar lombok
nganggo mowo
golek gembok
kanggo legowo
http://forum.detik.com 165
Rujak benTis.
sayur lomBok.
SimBah nangis.
kentekan geMbok.
jangan kare
diwadahi kwali
jumat sore
mulih rodo bengi
roti betawi
dimakan di cilincing
nek sudah mati
aku ra isoh posting
ketupat santen
menawi lepat nyuwun pangapunten
http://forum.detik.com 166
iki mripat rung gelem turu
pdhl sirah wis ngene abot'e
sego gurih
di gondol wewe
sepi ing pamrih
rame ing gawe
mangan sego
sego rames
tanggal tuo
rasane lemes
arep mangan
sayur lodeh
awan-awan
parikan maneh
http://forum.detik.com 167
ngisor wit jati mbeber kloso
lungguh watu kalung kawat
piye ati ra nelongso...
gaji metu ning mung liwat
nggelar kloso
dinggo ngaji
ati nelongso
nunggu tanggal siji
neng bumiayu
numpak sekuter
wong gelem sinau
mesti iso pinter
iwak koi
iwak benur
contonen kui
kang iwanoor
http://forum.detik.com 168
mrana mrene dolan neng tangga
anak dara lara swiwine
aku neng kene ya mung isa donga
mugo-mugo lancar sesuk baksos'
http://forum.detik.com 169
duwe bojo dandan menor
dolan minggu ning pemancingan
ojo sedih kang iwanoor
kulo teng ngeriki ngrencangi jenengan
gulo jowo
rasane legi
wis jam limo
wayahe bali
golek tumo
neng berasan
wes jam limo
ijeh koyo awan
Golek Tumo
alias Metani
http://forum.detik.com 170
Bar Jam Limo
Mesti Sepi
ireng-ireng
werno klambi
kene jeng
kulo kancani
melu balapan
nganti ping limo
arep sarapan
enake opo yo??
awan-awan
ngombe es
nyedaki rolasan
wetenge mulai protes
mbakar sate
sate gajih
wayah sore
siap2 mulih
nyangking susuk
nggone lek priyo
saiki wis isuk
ayo do makaryo
http://forum.detik.com 171
pathuk, neng wonosari
isuk-isuk, wis nyampursari
Tuku bakwan
campur gethuk
bubar mangan awan
mripate ngantuk
minguk ngiwoo
nek nyebrang dalan
njih mongoo...
hati-hati dijalan..
mampir keputren
disuguh kopi
saben weekend
koq mesti sepi
mampir keputren
nggowo gulo + teh
wis dino senen
ayo parikan maneh
http://forum.detik.com 172
lungo neng kali
arep umbah-umbah
parikan rodo sepi
mergo ra ono siMbah
kembang klopo
sugeng siang, kawulo yogjo
kewan ucul
pating klarah
arep macul
radue sawah
http://forum.detik.com 173
Tahun pertama ngantor masih tinggal di kost,
Tahun ketujuh ngantor udah pindah tempat kost,
Tahun pertama pergi-pulang nebeng tukang pos,
Di saat krismon pergi-pulang nebeng bos
http://forum.detik.com 174
mama sayang, aku kangen ...
sugeng enjang, sedanten ...
kupat santen
dipangan pas riyoyo
sugeng sonten
kawulo yogjo
tuku kayu
neng bumiayu
nadyan ayu
nanging rada mambu
wis ra kuat
macul neng sawah
dino Jumat
ayo ngibadah
gulo jowo
rasane legi
meh jam limo
wayahe bali ...
http://forum.detik.com 175
segoro uyah ...
gatekno kui Mbah ... !!!
http://forum.detik.com 176
kolak pisang, nganggo santen
sugeng enjang, sedanten
gunungkidul handayani
ben ra ucul yo digondeli
http://forum.detik.com 177
dondong opo salak duku gede-gede
ora bakal nyengklak nek ra nganggo moge
http://forum.detik.com 178
awan awan nggelar klasa
turu dhilut ben bisa tambah rosa
Gandeng ngarepake wulan pasa
nyuwun ngapura sakabehing dosa
mlebu omah
nggelar kloso
rasa sumringah
wis arep buko
numpak sedan
sedan mewah
angger awan
kroso lungkrah
http://forum.detik.com 179
wedang legi campure glali
sing anget wedange jahe
di lali lali tan biso lali
amargo eling kabecikane
awan-awan
sirahe mumet
suwe ra parikan
pikiran rasa cupet
angka papat
aja diwalik
dino Jumat
nganggo batik
opo bedane
ketan karo jadah
wis meh wayahe
ayo siap2 ngibadah
ngajak balen
malah dipegat
dino senen
ayo semangat
http://forum.detik.com 180
iwak sepat
iwak hiu
bar sholat
njuk turu
mangan gethuk
awan2, matane ngantuk
mangan blewah
http://forum.detik.com 181
awan2, awake lungkrah
mangan duku
awan2, penake turu
mangan hamburger
awan2, kok njuk ngiler ?
mangan kolak
awan2, rasane ngelak
mangan gethuk
campur karo tahu
mata ngantuk
mergo kurang turu
http://forum.detik.com 182
telu papat
wolu songo
dino jumat
dino riyoyo
papat papat
dadi wolu
dino jum'at
jo dho turu
campour baur
kakung putri
wayah saur
ayo do tangi
http://forum.detik.com 183
jagung enom digawe bakwan
ojo lali tambahi uyah
pancen enak yen dudu karyawan
nyambut gawe ra nganggo wayah
tuku duren
jumlahe papat
dino senin
ayo semangat
http://forum.detik.com 184
kupat duduhe santen
sedoyo lepat nyuwun pangapunten
mangani degan
aja karo kulite
wis mangsa udan
jaga kesehatane
bar mangan,
ngombe es dawet
suwe ra parikan
pikiran kroso cupet
ono ulo
ngroso ngeleh
lha nggih monggo
parikan maleh
kanker ganas
marai remuk
hawane panas
awake sumuk
krasa asin
njuk dilepeh
dina senin
kerja maneh
http://forum.detik.com 185
wetan kali kulon kali
tengah tengah nggo dalan meri
saiki mati sesuk mati
luwih becik podo ngaji
tuku tomat
ditinggal bayen
http://forum.detik.com 186
ist kumat
pancen ket mbiyen
nggulung-nggulung
kecemplung jogangan
mendung-mendung
enake wedangan
http://forum.detik.com 187
nyangking kendhi lunga matun
dicokot ula awake loyo
jojok neng padusan dolanan sabun
apa awakmu rung duwe bojo
http://forum.detik.com 188
Yen sing arep di tuku ra sida pegatan
golek sing liya sing isih kinyis-kinyis
mangan trasi
nganggo kuah
trimakasi
mwuah-mwuah
http://forum.detik.com 189
Nek aku nandang sariawan
obate abothyl mandi tenan
http://forum.detik.com 190
Nganti judheg lehku mikir
Ben ra diuber debt collector
manuk kutut
opo manuk derkuku
kowe aja ngentut
neng ngarepku ...
http://forum.detik.com 191
Ayung - ayung bothok mlandingan
Durung tepung ngajak gandengan
Ciu sakbotole
Simbah turu ketok kon dalan
http://forum.detik.com 192
Klambi kuning lorek abang
Di enggo simbok numpak jaran
Keno posting yo sembarang
Ning mbok do nganggo aturan
http://forum.detik.com 193
gulojowo rasane legi
jare wis tuwo lha kok soyo ndadi
http://forum.detik.com 194
buto cakil methakil ngemut penthung
jowal jawil jebule njaluk ambung
samsoyo bengi
samsoyo sepi
http://forum.detik.com 195
nganti kena lirikan mautku
kenya-kenya mesthi kepincut
http://forum.detik.com 196
iwak pitik digoreng lengo
lungguh disik ngenteni konco
http://forum.detik.com 197
gethuk asli wonosari
yen ngatuk tak sun neng pipi
http://forum.detik.com 198
esuk-esuk wis ngidak telek
jare paling bagus jebul paling .
http://forum.detik.com 199
nak dhuwit'e gambar wong_mesem
aku harep pesen pizza
http://forum.detik.com 200
menyang mbiroloka liwat semaki
mbuka sangu nganggo iwak tawes
mesakke temen bocah iki
nang ndi-ndi ra ana sing ngrewes
http://forum.detik.com 201
nak padha kepingin rejeki
dadi uwong aja pokil
http://forum.detik.com 202
senthir lengo potro
najan kenthir aku ra rumongso
http://forum.detik.com 203
nggowo senthir marai suloyo
kowe sing kenthir, aku ra patiyo
http://forum.detik.com 204
mangan sego, sliliten dupo
ono rego, ono rupo
http://forum.detik.com 205
nek kekemu, ojo nganggo jarang
awake lemu, regane malah larang
http://forum.detik.com 206
ijo-ijo buahe duren
bojo loro, ngrubuhna amben
http://forum.detik.com 207
yati pesek batuk'e nonong
cokot kethek wudele bodong
http://forum.detik.com 208
tuku bolah ndek toko sebelah
ati bungah dikancani simbah
wayah sore
lampune padang
pripun kabare
sanak kadang?
http://forum.detik.com 209
gembok ilang kuncine
aduh simbok iki kepiye
http://forum.detik.com 210
golek kepiting ndek pinggir segoro
aku gaw e anting dipundutne ki sentono
http://forum.detik.com 211
klambi ireng gupak lenga
Yen seneng ya wis rasah lunga-lunga
http://forum.detik.com 212
pancen saiki rada aneh
ana teh ko' rasa lemon
http://forum.detik.com 213
tuku suket di entul entul
timbang ngampet yo bali ngumpul
kapur tulis
tuku neng sar wage
oleh nulis
mergo mesakke
http://forum.detik.com 214
lombok rawit abang warnane
lali rupane eling rasane
http://forum.detik.com 215
wit mandingan
dibolongi semut
trit PARIKAN
neng board OOT
http://forum.detik.com 216
rambutan .... rambutan .... rambutan ..
numpak bis nang kampung rambutan
mangan ..... mangan .... mangan ..
nek wis ngelih yo gek mangan
dino kiamat
meh wayahe
nikmat sehat
larang regane
siji loro
telu papat
nyuwun ngapura
sedaya lepat
golek jingking
oleh gereh pethek
sugeng enjing
poro sederek
mangani degan
aja karo kulite
wis mangsa udan
jaga kesehatane
udan deres
dalane lunyu
awak ngreges
rasane ngelu
http://forum.detik.com 217
yen dalane lunyu liwato pinggir
yen sirah ngelu jo kakehan mikir
http://forum.detik.com 218
nyumet udud
munggah bale
sing dimangut
kudune lele
http://forum.detik.com 219
anane payung mung payung cilik
ra ngayomi awakku nalika udan barat
di gondhol wewe
bareng dibalekake kok kaya wong ora waras
Mantol raduwe
anane mung bagor bekas wadah beras
http://forum.detik.com 220
siMbah bagus wis rawuh
ayo pada parikan maneh
http://forum.detik.com 221
ra popo lanangan kabeh
sing penting podho akur
arep mantenan
merga wis jodo
wis wayah rolasan
ayo pada ngaso
http://forum.detik.com 222
urip neng ndeso urip neng ndusun
urip bareng neng omah dowo
nggih kulo nyuwun pengestunipun
mugi2 saget bekti marang wong tuwo...
ana racun
njero balung
kulo nuwun
nderek langkung
mangan bakwan
karo gethuk
soyo awan
soyo ngantuk
mangan sate
limang tusuk
soyo sore
soyo ngantuk
limang tusuk
sate dipangan
wayah esuk
wektune sarapan
ngulon ngetan
malah keblasuk
rampung sarapan
mesti ngantuk
http://forum.detik.com 223
Lunga nang Jogja arep tuku manuk
tekan ngomah diumpani walang
Nek dijak kerja mripate mesthi ngantuk
ning nek NDF, rasa ngantuke ilang
ngukur panu
nganggu kreweng
syukur naknu
kula melu seneng
http://forum.detik.com 224
sarapan kok rujak cingur
olehe mangan nang pojok wetan
sak susah-susahe nganggur
isih bisa dolanan internetan
mawa didumuk
kaya'e anget?
hawa sumuk
awake kemringet
Sumuk ra keringeten
Klungsu di dumuk ora keri kebangeten
http://forum.detik.com 225
mripate abuh merga klilipen lemah
ditambakna nganti tekan Sidatapa
sugeng rawuh dhumateng siMbah
napa sampun babar anggenipun mertapa
mambu sate
marai ngelih
wayah sore
wektune mulih
gudel putih
dikira sapi
sundul meneh
men ra sepi
nyangking ember
kiwo tengen
lungguh jejer
nggo tombo kangen
http://forum.detik.com 226
jenang gula
kuwi gelali
tinimbang gela
kene dak sunduli
wayah ndalu
nyambi berdendang
malam minggu
saatnya begadang
soyo panas
sumuk'e rakaruan
ayo kene mba/mas
gegawe parikan
http://forum.detik.com 227
Orong-orong neng ngisor gentong...
Omah gedhek dirangkep kepang...
Dadi uwong ojo sombong...
Yen kepepet ojo utang
sega liwet
lawuh ati
jeng iwed
pengin rabi
Ijo-ijo diunduhi
Sing abang-abang seh akeh
Wis duwe bojo dirusuhi
Sing sek bujang wae sek akeh
mangan kupat
lawuh tahu
saiki jumat
sesuk sabtu
tuku sepatu
numpak wit glugu
sesuk setu
sesuke minggu
wet klopo
awoh klopo
parto sentono
joko lelono
http://forum.detik.com 228
ana panganan
neng duwur meja
ayo sukseskan
baksos reg yogja
mubeng kampung
mandeg nggone simbah
weteng kembung
rasane sebah
jola-joli semarangan
disini emang menawan
http://forum.detik.com 229
neng tugu dolanan bel
wong lugu bayar dobel
rokok kelobot
taline lawe
senajan abot
yo tak lakonane
http://forum.detik.com 230