You are on page 1of 20

Parikan - Awan-awan j keluyuran, n pak mantri numpak skuter. Kapan-kapan aku kturutan, duwe knc sinaun pintr.

- sk nmbang sor nmbang, tmbangan asmrdn. Esuk ngadhang sor ngadhang, sng diadhang ra tek-tek - Esuk nyulIng sore nyulng, suling ark Surby. Esuk elng sore elng, sng dilng ora rumngs. - Gdhng kcipr, mrambat kawat. Najan ora mampr, nangng liwat. - Kmbang jagung, dipthik Cina. Barang wis kadhng dikapakn. - Manuk mprt, mnclok gdhng tbu. Dadi murid, sing srgp sinau. - Mank kutt, manggng nggantr. Yn ra nurt, bisa kblingr. - Wajik klthik gul abang. Aja suthk, yn tumandang - Wdang bubuk, gul jw. Yn kpthk ati leg. - Spt spt, sawone mntah. Dimpt mpt slak ora btah. - Yn kmbang kmbang kacang, dudu kmbange pspa nyidr. Sih cilk dikudang-kudang, barng gdhe gawe reksa. - Yn kmbang kmbang lamtr, dudu kmbang wora-wari. Mumpng sir isih mudh, sing tabri ngati-ati

Paribasan (Peribahasa dalam bahasa Jawa)


26 Comments

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene Abag-abang lambe = guneme mung lamis Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget) Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur

panguwasane Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang Asu marani gebug = njarag bebaya Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa) Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe) Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki) Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget

Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewedhewe Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil

Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh Entek jarake = wis entek kasugihane Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh

Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni Idu geni = sakuni-unine kelakon Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan) nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani

Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi) Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat) Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah) Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe

Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan Kethek saranggon = grombolane wong ala Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat) Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada) Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene

Lanang kemangi = wong lanang kang jirih Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa) Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan Meneng kitiran = ora bisa anteng Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki

ora mempan Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih) Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewedhewe Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan) Nyolong pethek = luput saka pangira Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin

Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omahomahe wong akeh Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur Obor blarak = mung sawetara wae Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane

Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug Ora polo ora uteg = bodho banget Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung) Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane Pandhitane antake = laire katon suci batine ala Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane) Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka) Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)

Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen) Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine Timun jinara = prakara gampang banget Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen

kekurangan) Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur Tunggal banyu tunggal guru Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan) Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane) Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambraambra dene prakara becik kari sethithik Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe) Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa) Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine Waras-wiris = sehat

Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru
http://jokoblitar.gretha.web.id/?p=784

WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen kaya cangkriman nanging batangane (bedhekane) wis disebutake ing mburine senajan ora melok utawa ora lugas. Bisa disebutake mung sak wanda utawa luwih. Tuladha : Janur gunung, kadingaren kowe kok rene Keterangan : Janur gunung kuwi tegese janur aren banjur ana tetembungan kadingaren. Balung janur mugi paringa usada. Keterangan: Balung janur iku jenenge sada banjur ana tembung usada.

Wujude wangsalan werna-werna :


1. Wangsalan lamba Wangsalan lamba yaiku wangsalan sing batangane mung siji Tuladha : a. Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso (godhong mlinjo jenenge so banjur ana tembung ngaso) b. Witing pari dimen mari nggonku lara iki (wit pari jenenge damen banjur ana tembung dimen) 2. Wangsalan memet Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane goleki batangane sarana dionceki dhisik nganti ambal pindho. Tuladha :

1.

Uler kambang lakune alon-laonan wae Keterangan : Uler kambang kuwi jenenge lintah banjur ana satitahe. Satitahe padha karo alon-laon

1.

Ngembun-ngembun enjang anjejawah sonten nyuwun rabi. Embun wayah enjang kuwi tegese uwun banjur ana tembung nyuwun. Jawah ing wayah sore jenenge rarabi mula banjur ana tembung nyuwun rabi. 3. Wangsalan edi peni Wangsalan edi peni iku wangsalan sing didhapuk nganggo tetembungan sing endah. Lumrahe dianggo ana ing cakepan ing umpak-umpakan gendhing. Tuladha: Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula. (jenang sela kuwi arane apu banjur ana tembung apuranta, wader kali sesonderan kuwi iwak sepat banjur ana tembung lepat). 4. Wangsalan padinan Wangsalan padinan yaiku wangsalan sing ora nyebutake batangane jalaran wis dianggep ngerti karepe. Tuladha: a. b. Kowe kuwi diwulang kok ngembang duren wis ngerti apa durung? Esuk-esuk kok ngembang poong arep menyang ngendi.

Sumber: PTK Guru Arti dan Contoh Wangsalan http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu& skins=1&id=283&tkt=3#ixzz2RZAO4zuU


http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=283&tkt=3

Wangsalan
Tuladha Basa Rinengga Kangge ing Wangsalan Jenang gula, kowe aja lali ( jenang gula : gulali = lali ) Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu ( Sekar aren : dangu = dangu ) Njanur gunung, kadingaren ( Janur gunung : Aren = Kadingaren ) Mbalung klapa, geleme mung ethok ethokan.

( Mbalung Klapa : Batok = Ethok ethok ) Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung ( Balung janur : Sada = usada ) Reca kayu, goleka kaweruh rahayu ( Reca kayu : Golekan = goleka ) Ngembang garut nggremeng ora karuwan ( kembang garut = gremeng = nggremeng ) Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan. ( kembang kacang : besengut = mbesengut ) Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar. ( kembang jambu : karuk = kemaruk ) Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. ( Roning mlinjo : so = ngaso ). Klapa mudha, yen kalegan paringa apura. ( klapa mudha : degan = kalegan ) Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki. ( kembang gembili : seneng = seneng-seneng ) Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa. ( witing klapa : glugu = salugune ) Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja ( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh ) Mbok aja nglemah bengkah ( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela ) Gayung sumur, aja kemba aja mundhu ( Gayung sumur : Timba = Kemba ) Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe ( Pindhang lulang : Krecek = Kacek ) Nggodong garing, esuk esuk kok wis nglaras ( godong garing : Klaras = nglaras ) Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka ( Balung geni : Mawa = Menawa )

Balung pakel, aja seneng alok-alok ( Balung pakel : Pelok = alok alok ) Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung ( Bayem arda : Lanteng = anteng ) Kuku gantung, sawangan kang adi luhung ( Kukus gantung : sawang = sawangan ) Durna putra, ngudiya basa utama ( Durna putra : aswatan = ngudiya ) Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik : undur undur ) ( Tasik manda winor tirta : Parem ) Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama ( Tapas aren : duk ) ( Aren arab wijilira : Kurma ) Kancing gelung munggweng dadha, titenana! ( Kancing gelung : Peniti = Titenana ) Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus. ( mentil kacang : sungut = mrengut ) Mung pingin nggentha dara ( nggentha dara : sawangan = nyawang ) Kahananmu saiki, jan..mandan rawa ( Mandan rawa : wlingi = mangklingi ) Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika ( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )
http://kidemangsodron78.wordpress.com/327-2/wangsalan/

Contoh Peribahasa Dalam Bahasa Jawa (bag.1)


Selamat datang dulur,

Sudah lama nih baru update blog belajar bahasa jawa ini. Harap maklum yah :D Kali ini saya ingin membagikan contoh-contoh peribahasa (paribasan) dalam bahasa Jawa. - Yitna Yuwana Lena kena artinya kurang lebih begini siapa yang hati-hati akan selamat, yang kurang hati-hati bakal celaka - Ana catur mungkur artinya tidak mau membantu urusan orang lain - Wiwit kuncung nganti gelung artinya mulai dari bocah (anak-anak) hingga tua - Kadang konang artinya mengaku saudara kalau banyak harta (kaya) - Tulung menthung artinya maunya menolong tapi malah membuat susah - Criwis cawis artinya banyak bicara/ngomel/mencela melaksanakan sesuatu dengan benar tapi mampu

- Sing sapa salah seleh artinya orang yang bertindak salah bakal ketahuan - Becik ketitik ala ketara artinya perbuatan baik dan jahat akan kelihatan - Keplok ora tombok artinya maunya ikut senang tapi tidak mau keluar uang - Nyolong pethek artinya tidak mengira/menyangka - Jalukan ora wewehan artinya maunya meminta, tidak mau memberi - Anak polah bapak kepradah artinya setiap kelakuan/tindakan anak menjadi tanggung jawab orang tua - Rubuh-rubuh gedhang artinya orang yang mengikuti tindakan orang lain tanpa mengetahui maksudnya - Busuk ketekuk pinter keblinger artinya orang yang pintar dan bodoh samasama celaka - Katula-tula katali artinya kesengsaraan yang bertubi-tubi / sangat sengsara - Desa mawa cara, negara mawa tata artinya setiap tempat memiliki peraturan/adat sendiri-sendiri
http://belajar-bahasa-jawa.blogspot.com/2013/02/contoh-peribahasa-dalam-bahasa-jawabag1.html#.UXpdSaKNm5I

You might also like