You are on page 1of 1

LAYANG JAWA I. LAYANG JAWA yaiku : a. Layang Iber-Iber ( layang kiriman) b. Layang Paturan c. Layang Dhawuh d.

Layang Ulem e. Layang Kitir f. Layang Lelayu II. PERANGANE LAYANG JAWA SING GANEP yaiku a. Satata basa ( alamat layang ditulis ing dhuwur dhewe sisih kiwa utawa tengen ) b. Adangiyah( salam pambuka ) -Taklim utawa ingkang taklim yaiku kanggo sedulur tuwa utawa wong kang diajeni. -Salam taklim yaiku kanggo sedulur enom -Ingkang salam yaiku kanggo sedulur enom sing dhuwur drajate -Ingkang pandonga yaiku saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni -Ingkang sembah yaiku saka wong cilik karo wong luhur -Ingkang sembah sungkem yaiku saka wong enom marang leluhure -Ingkang sembah pangabekti yaiku saka wong enom marang wong tuwane dhewe. -Ingkang pangabekti yaiku saka wong enom marang sedulur tuwa. c. Pambuka ( bebuka ) d. Isi (surasa basa) e. Panutup ( wasana basa ) f. Titimangsa ( tanggal ) g. Peprenahan ( prenahe sing nulis marang sing dikirimi layang) h. Tapak asma ( tanda tangan ) i. Asma terang ( jenenge sing nulis ) Tuladha Katur Bu lik Tonah Margi Katamso Angka 32 Solo Ingkang pangabekti Bu lik Tonah keparenga matur, bilik kawontenan kula ing Sleman tansah manggih basuki boten wonten alangan satunggal punapa. Kula badhe nyaosi uninga bilih kula badhe kentun yatra 200.000,00 rupiah kagem biyantu bayaran sekolahipun keng putra Kelik.Pramila arta sekedhik punika mugi saged dados nyekapi bayaran sekolah Dik Kelik. Wasana cekap semanten lan nyuwun puji pangestunipun mugi-mugi anggen kula nyambut damel wonten ing Sleman tansah lumintu sedayanipun. Sleman, 30 Juni 2005 Keponakan Primus Adi

Tuladha Serat Iber-iber.Triwik Damarjati SMAN 1 Yogyakarta

30

You might also like