You are on page 1of 5

Tugas Bahasa Jawa GEGURITAN

Nama : Desty Putri Hanifah NIM : 1401410149 Rombel : 5

Pendidikan Guru Sekolah Dasar Universitas Negeri Semarang 2010

Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Tembung geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung gerita, linggane gita ateges tembang utawa syair. Geguritan iku uga bisa kasebut puisi bebas, kang kalebu salah sawijining asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat. Miturut kamus geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru lagu lan guru wilangane ora ajeg. Miturut Subalidinata geguritan yaiku iketaning basa ingkang memper syair (syair Jawa gagrag anyar) Paugeran (aturan) nggawe geguritan: 1. Geguritan kui mlebu puisi Jawi bebas 2. Tembung-tembunge ora kudu nganggo basa Jawa Kuna, nanging milih tembungtembung sing menthes 3. Anggone nggawe awujud larik-larik Nganggit (ngarang) geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone. Dene sing diutamakake ana ing geguritan yaiku : 1. Tembung-tembunge pilihan lan mentes 2. Cacahing gatra (baris) mentes (ringkes) 3. Migunakake basa kang endah (basa rinengga), kayata : Tembung-tembung kawi Purwakanthi Panyandra utawa pepindhan lan sapiturute 4. Migunakake tembung-tembung andhahan kang karimbag mawa : Ater-ater a Seselan in lan um Adhapur dwilingga lan dwipurwa

5. Wirama : pamilihing aksara swara kang trep lan pas saengga bisa nuwuhake irama kang endah. Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi, sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku : a. Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal) b. Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan c. Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai) Geguritan yaiku reroncening tembung kang endah dadi wujud puisi nganggo bahasa jawa. Endah lan orane sawijining geguritan gumantung marang wong kang maca geguritan iku. Geguritan iku puisi jawa modern kang bebas ora kaiket. Titikane geguritan iku antarane : a. Isine mentes b. Lumrahe nganggo nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane c. Ora kaiket guru gatra, wilangan apadene guru lagu d. Arang nganggo tembung pangiket e. Akeh kang nganggo bahasa jawa kuna Babagan kang penting diperhatiake nalika nulis geguritan supaya bisa endah yaiku : a. Suasana ati lan lingkungan b. Milih tema c. Tetembungan d. Purwakanthi e. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane)

Pengertian Geguritan
Geguritan merupakan sastra kuno yang memiliki ciri sastra lama atau klasik yang berifat anonim yaitu tanpa nama pengarang dan penulis. Ini disebabkan karena pada zamanya dibuat seorang penulis tidak mau menonjolkan diri dan karyanya dianggap milik bersama. Kata geguritan dalam kamus Bali Indonesia berasal dari kata gurit artinya gubah, karang, sadur (Depdikdas Prop. Bali, 1991 :254), dan dalam Kamus Umum Indonesia dijelaskan geguritan itu berasal dari kata gurit artinya sajak atau syair (Poerwadarminta, 1986 :161). sedangkan dalam Kamus Kawi Indonesia diungkapkan gurit artinya goresan, dituliskan (Tim Penyusun, 1996:118). Ciri yang kental di dalam sebuah geguritan adalah adanya pupuh-pupuh yang membentuk geguritan tersebut seperti : pupuh pucung, durma, sinom, pangkur, smarandhana, dandang, ginada, dan demung. Oleh karenanya di dalam menikmati geguritan dengan membacanya tidak bisa disamakan dengan membaca karya sastra yang tergolong prosa. Geguritan hendaknya dinikmati dengan membaca sambil melagukan sehingga nikmat yang didapatkan semakin merasuk kalbu. Karya sastra yang berwujud pupuh diikat oleh aturan yang disebut : pada lingsa, pada dan carik. syaratsyarat yang biasa disebut (pada lingsa) yaitu banyaknya baris dalam tiap bait (pada) banyaknya suku kata dalam tiap-tiap baris (carik) dan bunyi akhir tiaptiap baris (Agastia, 1980 :17). Berdasarkan pandangan di atas maka pengertian geguritan adalah ciptaan sastra berbentuk syair yang biasanya dilagukan dengan tembang (pupuh) yang sangat merdu.

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU


jakarta 8 april 2009 rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene saklawase ora nate ketemu saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku pirsanana ana nduwur kae ana teja manther ing sela-selaning gegodongan lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen simpenen kangenmu ana impen ***

You might also like