You are on page 1of 2

Ya ‫ ﷲ‬mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo, mugi njembaraken panjenengan wonten ing griyo kulo, lan mugi

paring berkah panjenengan dateng rizki kulo.

Ya ‫ ﷲ‬mugi paring karidhoan dateng kulo kanti putusan panjenengan, lan mugi paring berkah panjenengan dateng kulo,
tumprap barang kang sampun kapesti, ngantos kulo boten pengin ngacoaken barang kang sampun panjenengan
unduraken, & mboten ngunduraken barang kang sampun panjenengan laksanaaken.

Ya ‫ ﷲ‬kulo nyuwun pangreksa saking prihatin lan susah, kulo nyuwun pangerksa saking apes lan kesed, & kulo nyuwun
pangreksa saking sifat jireh lan medit, & kulo nyuwun pangreksa saking kathahipun utang-piutang saha saking
pamaksanipun para kaum dholim.

Ya ‫ ﷲ‬kulo nyuwun slametipun agami, nyuwun kuwasanipun jazat, tambahipun pangertos, berkahipun rizki, kulo kapok
sakderenge pejah, nyuwun rahmat wekdal pejah lan nyuwun pangapunten sasampunipun pejah.

Duh pangeran kulo. Mugi empun mlengpengaken manah kulo sasampunipun pinaringan pituduh lan mugi paring rohmat
dateng kulo, sajektosipun panjenegan punika zat ingkang agung peparingipun

Ya ‫ ﷲ‬mugi ngapunten panjengan ing sedoyo kalepatan kulo, lan kabodoan kulo, leluwihanipun sedaya perkawis kula, lan
mugi ngapunten dateng sedaya perkawis ingkang panjenengan langkung pirsa katimbang kulo, mugi ngapunten dateng
sedaya perkawis kulo ingkang kulo senaja. Sedaya punika wonten kulo.

Ya ‫ ﷲ‬mugi dadosaken panjenengan ing nur wonten ing manah kulo, nur wonten ing kubur kulo, nur wonten ing
pamireng kulo, nur wonten ing paningal kulo, nur wonten ing rambut kulo, nur wonten ing kulit kulo, nur wonten ing
daging kulo, nur wonten ing ngajeng kulo, nur wonten ing wingking kulo, nur wonten ing tengen kulo, nur wonten ing
kiwo kulo, nur wonten ing nginggil kulo, nur wonten ing ngandap kulo, kanthi rahmat panjenengan , duh zat ingkang
maha welas

Ya ‫ ﷲ‬mugi ngreksa panjenengan dateng kulo saking susah, pejah, cilaka lan saking awone pesten, ugi saking geguyune
para mungsuh.

Duh pangeran kulo, mugi panjenengan njembaraken dada kulo lan mugi gampilaken panjenengan ing perkawis kulo lan
mugi ngudari bundele lisan kulo supados sedaya ingkang mireng sami mangertos dateng pangucap kulo

Ya ‫ ﷲ‬mugi maringaken ing sedayane kesaenan ingkang sampun dumawah lan dereng, sami ugi ingkang kula sumerep
tuwin ingkang kulo mboten sumerep, lan kulo nyuwun pangreksa saking keawonan ingkang sampun dumawah lan
ingkang dereng, sami ugi kula sumerep utawi kula mboten sumerep.

Ya ‫ ﷲ‬saestunipun kulo punika apes mugi paring kiat panjenengan dateng kulo, lan saestuneipun kula punika ina mugi
paring kamulyan panjenengan dateng kulo, saha kulo punika miskin mugiparing cukup panjenengan dateng kulo. Duh
dzat ingkang maha welas asih

Ya ‫ ﷲ‬sayektosipun panjenengan punika pirsa dateng punapa ingkang kulo umpetaken lan ingkang kulo lahiraken, mugi
nampi panjenengan ing pesaben kulo lan panjenengan punika pirsa dateng hajad kulo, mugi maringi panjenengan ing
panyuwun kulo, lan malih panjenengan pirso dateng punapa ingkang wonten ing manah kulo, mugi ngapunten
panjenengan ing dosa kulo.

Ya ‫ ﷲ‬sampun dadosaken bingahing mungsuh kulo kranten kesusahan kulo, sampun damel awonipin sanak konco kulo
dateng kulo, sampun nyampur ngantos kepentingan donya panjenengan dadosaken pokok kaprihatosan kulo, lan
sampun nguwasaaken tiyang mboten gadah kawelasan nguwasani dateng kulo, duh dzat ingkang gesang tur jumeneng
wonten ing dzatipun piyambak.

Gusti ‫ ﷲ‬ingkang nyukupi marang agamaku, gusti ‫ ﷲ‬ingkang nyukupi donyaku , gusti ‫ ﷲ‬ingkang nyukupi marang barang
kang di prihatinaken aku, gusti ‫ ﷲ‬ingkang nyukupi ngatasi marang wong wong kang pada pada nganiaya marang aku,
,gusti ‫ ﷲ‬ingkang nyukupi brantas wong wong kang pada gawe ala marang aku, ugo ora ana reka daya lan kekuatan kang
maedahi kejaba mung saking pitulungane gusti ‫ﷲ‬

Ya ‫ ﷲ‬saestu masrahaken kulo ing hajat kulo dateng panjenengan senadyan akal kulo apes, sekedik rekadaya kulo, sekedik
amal kulo, ugi saget ngajeng ngajeng kulo dateng rahmat panjenengan, pramilo mekaten kulo inggih nyuwun dhateng
panjenengan duh dzat igkang nyekapi sedaya perkawis
Ya ‫ ﷲ‬mugi dadosaken panjenengan ing kulo dados golonganipun tiyang tiyang kang ahli paring pitedah tur ahli nampi
pitedah, sanes golonganipun tiyang tiyang kang sami kesasar tur tukang nyasaraken, lan mugi dados tiyang kang sami
merangi satru panjenengan lang mungsuhi tiyang tiyang kang sami nyatru dhateng makhluk panjenengan.

ya ‫ ﷲ‬doa punika panjenengan ingkang saget nyembadani lan susah payah punika panjenengan ingkang kapasrahaken,
saestune kulo punika saking kagungan ‫ﷲ‬, lan saestu kulo mesti wangsul dateng ngarsane ‫ﷲ‬, boten wonten reka daya lan
kekiyatan namung pitulunganipun ‫ ﷲ‬ingkang maha luhur & maha agung.

Ya ‫ ﷲ‬kulo nyuwun pangreksa saking awonipun laku lampah kulo, lan saking awonipun sedaya ingkang awon, boten
wonten reka daya lan kekiyatan kejawi pitulunganipun gusti ‫ﷲ‬

Ya ‫ ﷲ‬mugi nedahaken panjenengan ing kulo dateng saenipun budi pekerti kranten boten wonten ingkang saget
nedahaken dateng budi pekerti ingkang langkung sae kejawi panjenengan, lan mugi nyingkiraken awonipun budi pekerti
saking kulo, kranten boten wonten ingkang saget nyingkiraken kejawi panjenengan

Ya ‫ ﷲ‬mugi maringaken rizki kang halal dateng kulo, tur boten nyiksa dateng kulo, lan mugi maringi nrima dateng kulo,
saking soal rizki ingkang sampun panjenengan paringaken dateng kulo, lan mugi nglampahaken panjenengan dateng
kulo ing amal kesaenan ingkang panjenengan kersa nampi amal kulo sebab rizki ingkang halal

Ya ‫ ﷲ‬duh dzat ingkang mboten saget mlarat sebab pinten-pinten dosane makluk lan boten saget kekirangan sebab
paring pangapunten, mugi maringaken dateng kulo ing barang kang mboten mlarati lan ngirangi panjenengan.

Ya ‫ ﷲ‬sayektos kulo nyuwun pangreksa saking gadahing ilmu ingkang boten manfaat lan manah ingkang mboten khusuk
saha doa ingkan boten di tampi, ugi nyuwun pangreksa saking hawa nefsu ingkang gadahi bosen.

Ya ‫ ﷲ‬sayektos kulo nyuwun pangreksa saking wakotipun manah lan lali, lan katahipun tanggungan lan nyuwun pangrekso
saking asor lan kemlaratan

Ya ‫ ﷲ‬sayektos kulo nyuwun pangreksa panjenengan saking icalipun nikmat peparing panjenengan lan pindahipun
keslametan ingkang panjenengan paringaken lan saking ngagetaken siksa panjenengan, lan saking sedaya bendu
panjenengan

You might also like