Professional Documents
Culture Documents
Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus
raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning
upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji
manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________ minangka panganthining putra
temanten putni Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ wondene ingkang
nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________ dhumateng panjenenganipun Ibu
___________ minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag
jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta
panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken
Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=818&Itemid=781
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira
wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________ (ingkang nampi)
keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken
putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu
___________ (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula
pendhet saking dalem ___________ (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi
sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra
sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu
wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________ wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten
kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih
saliranipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning
penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=815&Itemid=781
GEGURITAN
CITA – CITAKU
Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesame