You are on page 1of 2

SESORAH

Assalam’ualaikum wr.wb

Alhamdulillahi robilalamin, wabi’isnasta’in ala umuridun ya wadin wa sola


tu wasallam,ambya’I wal mursalin,wa ala as a’bill aj’ma’in ama’ ba’dun.

Pinisepuh sesepuh ugi ingkang dipun sepuhaken ingkang dhahat


kinurmatan.

Bapak-bapak Ibu-ibu ugi tamu undangan ingkang bagya mulya. Sumangga


ngaturaken raos syukur wonten ngarso dalem Gusti Allah SWT kanthi lafal
Alhamdulillahi robilalamin.

Ingkang titi dinten menika tesih kaparingan nikmat Islam nikmat Iman ugi
nikmat kesehatan. Saengga saged makempal wontening griya riki.

Shalawat saha salam ugi katetepna dumateng Nabi Agung Muhammad


SAW,sumrambah garwa putra sokhabat lumeber dateng umat Islam mligi kula
panjenengan sami ugi pikantuk safa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah. Amin…
Amin…Amin ya robbal’alamin.

Alhamdulillaah dinten puniko kito sampun saget lulus saking ujian kolo
wahu, boten sanes mugi-mugi sedoyo punopo ingkang sampun kito lampahi
dipun terami dining Allah. Soho mugi-mugi kanthi ujian ingkang sampun kito
lampahi puniko dadoso penggugah penggalih kito sedoyo, henggo kito sedoyo
saget nggadahi pemanggih kados mekaten ; Perkoro kang halal bahe dilarang karo
Allah ing dalem wektu awane sasi Ramadhan, opo maneh perkoro kang haram,
tamtu luwih nemen anggone Allah nglarang.

Kranten kagungan pemanggih kados kasebat kolo wahu akhiripun howo


napsu kito saget kulino ngelampahi kesahenan. Wonten ing dinten puniko kito
sedoyo sampun dipun parengaken dahar soho ngunjuk.
Pramilo saking puniko monggo kito sami syukur dumateng Allah sarono
ngucap Al Hamdu Lillah soho nindakaken silatur Rohmi utawi saling apura ing
apura antawisipun sanak famili utawi antawisipun konco-konco kito sedoyo.
Ingkang kolo wingi-wingi boten raket lajeng milahi dinten puniko monggo kito
raketaken.

Sak derengipun kito ngelaksanaaken sholat Riyadin kito sedoyo dipun wajib
aken ngedalaken Zakat Fithrah, Wakdal ingkang langkung utmi kangge ngedalaken
zakat fithrah inggih puniko ; melahi akhiripun sasi Ramadhan ingkang paling
utami inggih puniko ba’da sholat shubuh sak derengipun sholat Riyadin, ugi dipun
keparengaken melahi awwal sasi Ramadhan.

Pramilo saking puniko kito sedoyo monggo sami ngathah-ngathahaken


syukur dumateng Allah wonten ing dinten puniko kanthi ngelampahi shilatur
Rohmi dumateng tiyang-tiyang sepuh kito, poro guru-guru kito soho poro konco-
konco kito sarono salaman soho ngapuro-ngapurohan dungo-dinungo mugi-mugi
dipun paring wilujeng wonten ing dunyo soho wonten ing Akhirat dining Allah.

Mekaten ingkang saged kula aturaken wedal menika. Mbok bilih pinanggih
lepat nyuwun agunging pangapunten. Billahi taufik wal hidayah
wassalam’mualikum wr.wb.

NAMA : PHITA MAHANANI NT

KELAS :3B

ABSEN : 25

You might also like