You are on page 1of 2

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit

taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening
TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang
ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning
masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA
dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh
ing papan menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA
Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing
sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga
panggesanganipun saya mindhak.

Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika
wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok
ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata
panggesanganipun ugi saya saé.

INTAN PUTRI SUNDARI

12/ XI IPS 2
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah
nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan
dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged
kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga
ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul
ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang
dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.

Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga
ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken
wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin
dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun
Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar
tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun
dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga
sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan
sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah.
Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

INTAN PUTRI SUNDARI

12/ XI IPS 2

You might also like