You are on page 1of 4

1.

Parikan
Parikan inggih menika unen-unen Jawa kang duwe paugeran ing antawisipun:
a. kadedan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun ngangge purwakanthi guru
swara
b. saben saukara kadedan saking kalih gatra
c. ukara kapisan minangka purwaka (sampiran) ; dene isi utawa wose
dumunung ing ukara kapindho.
Parikan saged dipun-perang dados tiga, inggih menika:
a. Parikan kan dadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladhanipun:
Iwak bandheng, durung wayu ( 4+4)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4+4)
b. Parikan kan dadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladhanipun:
Gedheg manggar, bumbune mrica ketumbar
4 wanda 8 wanda
Lamun sabar, bisa lejar sarta bingar
4 wanda 8 wanda
c. Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladhanipun:
Jangan kacang jangan kara, ( 8 wanda)
kaduk uyah kurang gula, ( 8 wanda)
Piwelingku mring muda, ( 8 wanda)
aja wedi ing rekasa. ( 8 wanda)

2. Syair
Syair inggih menika salah satunggaling karya sastra Jawa modern ingkang
awujud larik-larik lan wonten purwakanthi guru lagunipun.
Tuladhanipun:
Wengi
Nganti adoh parane kesepen nggilet donya
Dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa
Dumelung nglangut asu mbaung
Wengine sangsaya Liwung.

3. Wangsalan
Wangsalan inggih menika tetembungan utawi unen – unen ingkang kedah
dipun-batang ‘ditebak’ maksude, ananging limrahipun batanganipun
‘tebakannya’’jawabannya’ kasebutane pisan
Batangan ing wangsalan boten dipunsebutaken kanthi cetha, ananging kanthi
sinandi, ing ukara candhakipun.
Tuladhanipun;
- Damar mancung, cupet tenan nalarira
Dammar macung = upet, dadi cupet
- Yuyu agung, pinething dadya tumenggung.
Yuyu agung = pithing, dadi pinething
- Uler kambang, amba titah mung cumadhang.
Uler kambang = lintah , dadi titah.
- Petis manis, sarining kaca benggala.
Aja ngucap, yen durung tunggal sarasa.
Petis manis = kecap, dadi ngucap
Kaca benggala = banyu rasa, dadi sarasa
- Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka.
Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
- Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude
wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
- Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
Tuladha sing wujud tembang:
- Jirak pindha munggwing wana
- Sayeng kaga we rekta kang muroni
- Sinambi kalaning nganggur
- Wastra tumrap mustaka
- Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
- Baon sabin ing nawala
- Kinarya langen pribadi
Batangane:
Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
We rekta kang muroni = anggur
Wastra tumrap mustaka = iket
Baon sabin = karya.

4. Paribasan, Bebasan, Saloka


a. Paribasan yaiku unen-unen ingkang ajeg panganggonipun mawi tembung
entar, boten ngandut surasa pepindhan
Tuladha :
- durung pecus keselak besus = durung sembada nanging pengene ora-
ora
- welas tanpa alis = mesakke tok ora isa ngopo-ngopo
- ciriwanci ginawa mati = watak ora isa mari sakdurunge mati
b. Bebasan
Bebasan inggih menika unen-unen ingkang ajeg panganggonipun mawi
tembung entar, ngemu surasa pepindhan
Tuladha:
- lahan karoban manis = dasar bocahe ayu kelakuane yo becik
- ngudang siunge bethara kala = nyedaki bebaya
- oleh itunge luput sunduke = ora jumbuh antarane itungan lan
kenyataan
c. Saloka
Saloka inggih menika unen-unen ingkang ajeg panganggonipun mawi
tembung entar ngemu surasa pepindhan, nanging ingkang dipunpepindhan
uwonge, lajeng tembung kangge pepindhanipun kewan utawi tanduran
Tuladha:
- gajah ngidak rapah = nerak guneme dhewe
- gong lumaku tinabuh = wong kang kemudu dijaluki wuruk
- asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae
luwih dhuwur panguwasane
- dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman
kanggo meruhi wewadi

You might also like