You are on page 1of 5

PEMERINTAH KOTA SURAKARTA

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAHRAGA


UJIAN SEKOLAH
SEKOLAH MENENGAH PERTAMA KOTA SURAKARTA
TAHUN PELAJARAN 2010/2011

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari Tanggal :
Waktu :

Wacanen batin kang premati!

Bocah sekolah kudu padha gumregut


Dadi siswa kang taberi
Ora pisah karo buku
Duwe watak kang nastiti
Kabeh sedyane kelakon

A. Kanggo soal nomer 1 nganti 45 pilihen salah siji wangsulan sing koanggep paling bener kanthi
menehi tanda ping (x) ing aksara a,b,c utawa d ana ing lembar jawab!

1. Sapada tembang kasebut yaiku tembang ...


a. Pangkur c. Megatruh
b. Mijil d. Sinom

2. Tembung kasebut nduweni watak ...


a. Susah c. alus
b. Seneng d. nepsu

3. Ana ing tembang kasebut, tembung nastiti dhuwe teges ...


a. Sregep c. kesed
b. Males d. susah

4. Guru gatra ing tembang kasebut ana ...


a. 4 c. 6
b. 5 d. 7

5. Tembang kasebut gatra 1 guru wilangane ana ...


a. 9 c. 11
b. 10 d. 12

6. Tembang ing ndhuwur gatra 2 unine ...


a. Dadi siswa kang taberi c. Duwe watak kang nastiti
b. Ora pisah karo buku d. Kabeh sedyane kelakon

7. Dongeng kang paragane kewan iku diarani ...


a. mithe c . fabel
b. legenda d. sage

8. Ana ing crita pewayangan kang iraha-irahane Serat Rama, watake Prabu Rama yaiku ...
a. angkara murka c. jahat
b. wicaksana d. sawenang-wenang

9. ?[aomhkug= ;2;[nome/ ;48;.


Tulisan Jawa iku unine yaiku ...
a. Omahku gang 1 nomer 46 c. Omahku gang 2 nomer 48
b. Omahku gang 2 nomer 47 d. Omahku gang 3 nomer 48

10. Fatimah diwisuda, manawa katulis ing aksara jawa yaiku ...
a. p+timhfiwisuf c. p+timhniwisuf
b. ptimhfiwisuf d. p+tma\fiwisuf
11. Tumindake anak dadi tanggungane wong tuwa.
Paribasane yaiku ...
a. Jalukan ora wewehan c. Busuk ketekuk pinter keblinger
b. Sing sapa salah seleh d. Anak polah bapa kepradah

12. Tegese paribasan becik ketitik ala ketara yaiku ...


a. Tetulung nanging marahi susah.
b. Pinter lan bodho padha-padha sengsara.
c. Saben papan duwe pranatan dhewe-dhewe.
d. Kabeh tumindak ala lan becik bakal katon dhewe-dhewe.

13. Adi anggone pamitan marang bapak gurune :


“Pak guru, kula ... kula nyuwun pamit badhe ...”
a. gerah, wangsul c. gerah, kondur
b. lara, bali d. sakit, wangsul

14. Ukara-ukara ngisor iki endi sing abasa ngoko alus?


a. Ardi didukani Pak Guru amarga ora nggarap PR.
b. Punapa panjenengan sampun pirsa bilih pakdhe gerah.
c. Panjenengan punapa badhe tindah sapunika?
d. Panjenengan kalawau wungu jam tiga.

15. Manawa kowe menyang kantor arep njaluk kapur. Kepriye anggonmu matur karo petugas?
a. Pak, badhe nyuwun kapur kangge kelas 9 B.
b. Pak, ajeng nyuwun kapur kangge kelas 9 B.
c. Pak, ajeng mundhut kapur kangge kelas 9 B.
d. Pak, badhe mundhut kapur kangge kelas 9 B.

Kanggo pitakon angka 16 tekan angka 17


Haul Sunan Bonang
Maewu-ewu tiyang ingkang badhe ziarah lan haul dhateng pasareanipun Sunan Bonang sampun
sami samapta ing kitha Tuban. Para peziarah kala wau rawuh saking saindenging nuswantara. Prakawis
punika ndadosaken maceting lalu lintas. Panggenan parkir ing Kelurahan Kebonsari, Kecamatan kitha
ing margi AKBP Suraka Tuban boten sagah ngewrat cacahing kendharaan kasebat dipunkebaki
kendharaan rombongan ing badhe ndherek haul.

16. Apa irah-irahan pawarta kasebut?


a. Ziarah Makan Sunan Bonang c. Haul Sunan Bonang
b. Pasarean Sunan Bonang d. Haul lan Ziarah Makam Sunan Bonang

17. Miturut wacan ing dhuwur, saka ngendi wae sing teka ing tataran kasebat?
a. Tuban c. Kelurahan Kebonsari
b. Saindenging nuswantara d. Kecamatan Kebonsari

Kanggo pitakon angka 18 tekan 20


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang tansah winengku ing karaharyon.
Para sesepuh saha pinisepuh ingkang pantes kinurmatan, saderengipun kula matur wonten
ngarsa panjenengan sedaya, mangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan
dhumateng kula lan panjenengan sedaya saengga ing siang punika kula lan panjengenan sedaya
tasih saged makempal wonten ing pawiwahan prasaja ing dinten punika, radite cemengan surya
kaping 27 Maret 2011 kanthi wilujeng kalis ing sambikala.
Awit saking keparengan Bapak Mulyono sekaliyan garwa, kula ingkang kadhawuhan
hambuka tumapaking adicara. Pinangka jejering pambiwara, badhe ngaturaken urut reroncening
tata upacara palakrama ingkang sampun rinakit, rinancang tuwin rinumpaka. Nun inggih
panjenenganipun Bapak Mulyono netepi darmaning asepuh, miwaha siwi mahargyasuta. Kanthi
nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya gesang, tuwin nyuwun donga pangestu para
tamu, mugi kaleksanan sedya ing dinten punika wiwit purwa, madya ngantos wasana tansah
pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambikala.

18. Tatacara sing diaturake ing sesorah kasebut yaiku ...


a. pahargyan upacara palakrama c. ambal warsa
b. pasrah lamaran d. sunatan

19. Sing diaturi pakurmatan ing sesorah kasebut yaiku ...


a. Para tamu kakung saha putri c. Bapak Mulyono sekaliyan garwa
b. Para sesepuh saha pinisepuh. d. Gusti ingkang murbeng dumadi

20. Ana ing sesorah kasebut sapa sing kagungan kersa?


a. Bapak Mulyono c. Bapak Sugito Harjo
b. Yulianto d. Bapak Mahendra

21. Wong kang rekasa panguripe amarga kakehan anak. Salokane yaiku ...
a. Kebo mulih menyang kandhange. c. Kebo kabotan sungu
b. Kebo nusu gudel. d. Kebo bule mati setra

22. Ukara ing ngisor kang klebu ukara camboran yaiku ...
a. Bapak maos koran c. Mbak Risa nyapu latar
b. Ibu dhahar roti d. Adhiku tuku dhondhong lan salak.

23. Bapak ... Ibu tindak jagong menyang Gedhung Wanita. Tembung panggandheng kang trep ing
ukara camboran kasebut yaiku ...
a. lan c. ewadene
b. dene d. suprandene

24. Kang diarani ukara pangajab yaiku ...


a. Ukara kang isine pitakonan kang kudu diwangsuli.
b. Ukara kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepake.
c. Ukara kang isine ngarep-arep apa sing dikarepake.
d. Ukara kang isine andharan utawa crita.

25. Endi kang klebu ukara pamenging?


a. Muga-muga simbah enggal rawuh. c. Pilihen wangsulan kang bener.
b. Ayo padha sinau bebarengan d. Aja padha lunga wayah wengi.

26. Unen-unen kang ngemu cangkriman nanging dijawab sisan kanthi nyrempet-nyrempet diarani ...
a. parikan c. wangsalan
b. sanepa d. pepindhan

27. Ukara ngisor kabeh klebu wangsalan, kajaba ...


a. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja.
b. Mrica kecut, sauni-unimu.
c. Bocah cilik aja seneng ngrokok cendhak, neges-neges.
d. Sarung jagung, abot entheng dak lakonane.

28. Kabeh iki minangka tujuan utawa ancase pidhato/ sesorah, kajaba ...
a. Kanggo gawe ular-ular utawa pangerten.
b. Kanggo aweh panglipur.
c. Kanggo aweh daya pangaribawa marang sing ngrungokake.
d. Kanggo nyenengake atine dhewe.

29. Urut-urutane wong kang arep sesorah yaiku ....


a. purwaka, salam pambuka, surasa basa, wasana basa.
b. salam pambuka, purwaka, surasa basa, wasana basa.
c. surasa basa, purwaka, salam pambuka, wasana basa.
d. purwaka, salam pambuka, wasana basa, surasa basa.

30. Ing ngisor iki mratelakake pambuka ing sesorah, kajaba ....
a. salam pambuka c. pakurmatan (marang kang padha rawuh)
b. ngandhakake kesimpulan (dudutan). d. Puji syukur marang Gusti Allah.

31. Salah sawijing sikap/ tindak tanduk yen arep sesorah yaiku ....
a. tangan sedhakep c. lungguh
b. tangan ngapurancang d. ulate mbesengut

32. Unen-unen kang kedadean saka rong perangan ukara, kang pandhapuke nganggo purwakanthi guru
swara diarani ....
a. saloka c. panyandra
b. sanepa d. parikan

33. Parikan ing ngisor iki rampungna!


Jangan gudheg, nggoreng gereh.
Pikiran .... atine goreh
a. susah c. ruwet
b. seneng d. judheg

34. Endi parikan kang isine pitutur ....


a. Angon wedhus neng kuburan, durung adus wis pupuran.
b. Nyangking ember kiwa tengen,lungguh jejer tamba kangen.
c. Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu sregep.
d. Sepet-sepet sawo mentah, diempet-empet ora betah.

35. ?akutukubuwhai=.....

a. se[kolh c. te/minl\

b. k[nT/h d. ps/

36. ?duwi[tT;1400;rupiyh.
Unine ....

a. Dhuwite 1400 Rupiah


b. Dhuwite 2300 Rupiah
c. Dhuwite 3900 Rupiah
d. Dhuwite 5900 Rupiah

37. Perangane layang nerangake kang dituju diarani ...


a. surasa basa c. adangiyah / adawiyah
b. wasana basa. d. titimangsa

38. Layang kang mligi kanggo ngaturi rawuh wong duwe gawe iku diarani ....
a. sedhahan c. ulem
b. lelayu d. undhangan

39. ing ngisor iki perangane layang kang ana ing layang ulem ora resmi utawa dudu dhines, kajaba ....
a. atur pambuka c. nomer lampiran
b. isi utawa surasa basa d. atur panutup

Kanggo pitakon angka 40 tekan angka 42.


...............
Para sedherek saha para ingkang sami rawuh ingkang winantu ing pakurmatan, kula lan
panjenengan kedah purun nguri-uri Budaya Jawi. Budaya punika menapa? Budaya inggih punika
woh pangolahing budi pakartining lair lan batos manunggal satemah nuwuhaken woh. Dene
wohing budaya tuladhanipun: beksan, ringgit tiyang lan kethoprak.
...................
40. Punggelan saka perangane sesorah ing dhuwur kalebu perangane pidhato kang diarani ....
a. purwaka basa c. salam panutup
b. surasa basa d. wasana basa.

41. Ing ngisor iki klebu paugerane utawa wewaton pangrakiting basa nalika sesorah yaiku ....
a. tembung-tembunge kudu gaul
b. tembung-tembunge dawa banget
c. kudu trep karo kekarepane lan kudu rucah
d. tembung-tembunge limrah/ madya lan boten rucah

42. Perangan pidhato kang isine ngaturake atur syukur marang Gusti mapane ing ....
a. pambuka c. pangarep-arep
b. isi utawa surasa basa d. panutup

43 Unen-unen kanggo nggambarake kaanan siji karo kaanan liyane nganggo tembung-tembung tanduk
lan biasane sing dicandra perangane awak kang becik-becik iku diarani ....
a. wangsalan c. paribasan
b. parikan d. panyandra

44. Unen-unen ing ngisor iki endi kang dudu panyandra ....
a. Bathuke nyela cendhani
b. Untune miji timun
c. Tangane nggendhewa pinenthang
d. Lakune kaya macan luwe

45. Unen-unen iki bacutna supaya dadi panyandra. Drijine ....


a. nawon kemit c. ngudhup turi
b. mucuk eri d. mblalak-mblalak

B. Kanggo soal nomer 46 nganti 50 wangsulana kang patitis!

46. Apa tegese bebasan lan paribasan ing ngisor iki :


a. Cebol nggayuh lintang
b. Ngubak-ngubak banyu bening
47. Gawenen pambuka utawa purwaka basa ing pidhato kang migunakake basa krama alus!
48. Gawea pacelathon kang temane lulus sekolah!

49. a. ?k+Erudifu[w[bo[jop+[tonh.
Tulisan aksara jawa iku wacanen banjur tulisen latine!
b. Zaenal Arifin wulan April diwisuda.
Ukara iku tulisen nganggo aksara jawa!
50. Suk sasi September aku arep lunga menyang Surabaya.
Ukara kasebut owahana nganggo basa krama alus.

You might also like