You are on page 1of 2

Nama :mustaghfiroh

Kelas :x-4
No.abs:22

Tembung ‘parikan’ ana gandheng cenenge karo tembung ‘pari’. Ing basa Melayu
ana rumpakan kanga ran ‘pantun’. Racikan lan paugerane memper utawa meh
padha karo rumpakan kang kasebut ‘pantun’. Ing rumpakan pantun ana gatra
sampiran, yaiku gatra kapisan lan kapindho. Isi kandhutaning rumpakan tinemu
ing gatra katelu lan kapapat. Rumpakan kang diarani Parikan ngemu paugeran
kaya Pantun ing basa Melayu. Kanthi ringkes, parikan iku ngemu paugeran:
a. parikan sapada kadaden saka patang gatra
b. purwakanthine a b a b
c. gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran, gatra katelu lan kapat isining
parikan

Omah gendheng tak saponane


abot entheng tak lakonane

Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih


bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih

Andheng-andheng ana pilingan


aja dipandeng mundhak kelingan

Walang ireng mabur mbrengengeng, walang ireng dawa suthange


yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe

Bisa nggambang ora bisa nyuling


bisa nyawang ora bisa nyandhing

Mikul suket dientul-entul


senenge banget nanging ora bisa kumpul

Gedheg manggar,
Bumbune merica ketumbar
Lamun sabar
bisa lejar sarta bingar
:
Ngisor gendheng saponana
Nata watu jejer sanga
Abot entheng lakonana
Golek ngelmu nganti purna

You might also like