You are on page 1of 2

Pidato pasrahan penganten

Assalamualaikum Wr.Wb. Kawula nuwun. Para tamu kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak Samikun ingkang dahat kawula bekteni. Kula minangka tinalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak Shoimul kekalih. Ingkang sapisan, Bapak Shoimul kekalih ngaturaken salam taklimipun kunjuk dumateng Bapak Samikun kekalih, kanti pepuji mugi-mugi Bapak/Ibu tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang peparap Daryanto ingkang badhe kadhaupaken Putri Painem , putraputrinipun Bapak Samikun ingkang punika Bapak Shoimul kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten putrid sapengadek. Saged kaaturaken peranganipun sangsangan rinonce, kundala krincing, kalpika, ugi rasukan kangge penganten putrid sedaya kala wau arupi beburoning wana. Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanti suka renaming panggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanti bobot lan bebeting barang, mugi ta katampi minangka taling katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan. Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepokakaken kaliyan tata cara ijab sampun satata, keparengan ijabing penganten lajeng katindakna. Bapak/Ibu Samikun nderek nyenyuwun dhateng Gusti Alloh SWT, mugi paring berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanti wilujeng nir baya sangsaya sapanggilipun, mboten wonten alangan satunggal punapa sumrabah ing sedayanipun.

Kula ingkang tinanggenah caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kirang ing suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sadaya nyuwun samodraning pangaksama. Akhirul kallam billahil taufiq wal hidayah, Wassalamualikum Wr.Wb. Kula nuwun, sumangga.

You might also like