You are on page 1of 6

Brambang lan Bawang Ing desa Bumbu, ana prawan sing jeana inge Bawang.

Bocahe ayu, duwe watak sabar, narima, apik karo sapa wae. Dheweke urip karo bapake sing kerep lunga adoh menyang njaban kutha saperlu nyukupi kabutuhan anake mau. Ibune uwis seda, lan bapake duwe garwa meneh karo randha sing uwis duwe anak wadon aran Brambang. Niyate bapake megarwa meneh, supaya Bawang ora dhewekan yen pas ditinggal bapake. Nanging jebule ibu lan mbakyu tirine mau seana ing gawe sengsarane Bawang, tur kabeh kui ora dimengerteni dening bapake Bawang. Adhegan 1 Dina kuwi bapake Bawang arep budhal menyang Jakarta. Bapak: Ibu: Bapak: Brambang: Ibu: Bapak: Brambang: Bapak: Bawang: Bapak: wis ya bune. Aku bakal lunga seminggu. Titip Brambang karo Bawang ya. iya pak. Wis tenangna penggalih penjeana ingan. Wong yo wis padha gedhe, wis bisa jaga awake dhewe-dhewe. yo,,Brambang, Bawang, aja dadi bocah nakal. Sing manut karo ngendikane ibu. Iki bapak lunga golek dhuwit sik ya... Nggih,sampun supe oleh-olehe nggih pak. Hussh,Brambang! Bapak ki arep kerja dudu piknik, malah dijaluki oleh-oleh. Ora apa-apa. Arang-arang bapak lunga tekan Jakarta. Kowe padha njaluk oleh-oleh apa Brambang,Bawang? kula pengin jam tangan kados nggene kanca kula pak, sae nika. Turene nika tumbas saking Jakarta. oo ya gampang, mengko tak golekke. La kowe Bawang nyuwun apa? kula mboten pengin napa-napa kok pak. Ingkang paling penting bapak kondur sehat wal afiat mboten kirang setunggal menapa. bapak njaluk pengestumu ya nduk. Dongakna lancar sakabehane. Wis ya kabeh, bapak mangkat dhisik.

Bawang + Brambang + ngatos-atos pak! Ibu: Bareng bapak wis lunga, ibu lan Brambang banjur malih kejem marang Bawang Brambang: halah, pegel ngguya-ngguyu terus. Aku arep adus dhisik menyang kali. Ibu: aja lali klambine dikumbahi. Brambang: ibu ki piye ta? Prentah-prentah aku. Trus apa gunane Bawang kae? Ibu: oiya anakku sayang. He Bawang! Ngapa kowe meana ing wae? reka-reka budheg ta? Kana ndang ngumbahi. Ngomah banyune entek! Krungu? Bawang: dados kula kedah ngumbahi wonten pundi? Ibu: kali ta! Bodho temen bocah iki.. Bawang: kaliyan Brambang ngrencangi kula nggih bu. Brambang: eeeeeh, penake kowe. Ra sudi aku ngewangi kowe! Aku arep adus wae. Ibu: wis rasah kakehan omong. Ndang mangkat!

Bawang ngumbahi ana ing kali Bawang : Duh Gusti, klentu punapa kula niki. Nyuwun tulung duh Gusti, paring kula kekuatan lan kesabaran. Kula tresna ibu kaliyan bawang abang, kula mboten pengin dadosaken repot ibu kaliyan Brambang .. Ngerti-ngerti ana suara sing nyemauri dongane Bawang. Nanging Bawang bingung, ora ngerti sapa kuwi amarga rumangsa mung Bawang sing ana ing kali.. Bawang : Sinten niku ?? Iwak : Bawang, ndhuk cah ayu, aja susah, kowe kudu sabar. Dongamu mesthi dimirengake dening Gusti Allah. Cah ayu kaya kowe ora bakal diwenehi bebendhu luwih saka kekuatanmu. Bawang : Duh gusti?? Punapa niki? Iwak emas?? Kowe ngomong?? Kok bisa?? Iwak malih dadi sawijining Dewi Iwak : Aja wedi dhisik. Aku iki Dewi sing ndhelik ing wujud iwak emas. Aku ngerti kowe uwong apik. Aku wis krungu dongamu mau, aku bakal ngewangi kowe, mbantu kowe yen lagi susah .. wis aja sedhih yo Bawang. Bawang : Matur nuwun Dewi iwak.. Iwak : Iya, nanging aja ngomong sapa-sapa yen kowe ngerti aku ana kene.. Bawang : Nggih kula janji, kula mantuk rumiyin .. Tekan ngomah, Bawang isih bingung, kok bisa ketemu iwak emas apikan sing bisa ngomong Ibu : Bawang! Rene kowe! Apa iki ngumbahi ora pecus!! Ora resik! Bawang : EE anu bukk .. Ibu : Anu anu! Mesthi iki mau ora mbok kumbah! Dolan menyang ngendi kowe mau, alesan ngumbahi ning kali ? Bawang : Mboten kok bu, kula saestu ngumbahi .. Brambang ngerti2 mara Brambang: Lah alesan terus! Mesthi dolan kuwi bu! Bawang: Mboten mbak. Brambang: Bali ning kali saiki! Kumbahi kuwi kabeh!! Nyoh!! Brambang nyuntak klambi ing rinjing banjur di idak idak .. Bawang : (Bawang nangis ) Ampun mbak, niki sampun dalu, mbenjang mawon .. Brambang: Saiki yo saiki! Ibu : Kono saiki! Wis wani nglawan kowe, he! Bawang : Mboten bu, nggih niki kula tak dheteng kali malih, Assalamualaikum (njunnjung rinjing banjur ning kali ) Sak tekane ning kali, Bawang nggoleki iwak emas Bawang : Emas, emas, ibuk kalih Brambang malih. Sakit rasane ati kula emas, boten kuat duh Gusti .. Iwak : Ora usah susah Bawang .. Cliiiiinggg clinggg .. (ngerti-ngerti, klambi-klambi sing arep dikumbahi mau dadi resik lan rapi ) Bawang : Subhanallah, Alhamdulillah yah, maturnuwun emas Iwak : Yen ngono saiki gawanen aku mulih aku bakal ngewangi kowe sak kabehane. Bawang : Nggih.. Sawise tekan ngomah Brambang bingung, kok cepet banget ngumbahine, tur wis garing lan

setrikan sisan Brambang : Eh Bawang! Ngumbahi apa mlaku-mlaku kowe mau?? 5 menit rampung .. (Brambang banjur niliki klambi klambine ) Brambang : Kowe nyang dhukun mesthi!!Ora mungkin 5 menit ngumbahi resik, wis garing, setrikan, wangi sisan.. Bawang : Mboten mbak .. Brambang banjur bingung lan mlayu marani ibuke Brambang : Buk Bawang nganggo dhukun. Saiki Bawang sekti, mosok ngumbahi 5 menit klambine wis garing, setrikan, lan wangi. Ora mungkin to bu?? Ibu : Apa iya ta nduk?? Dhukun ngendi? Ora ana dukun ing desa iki. Brambang : Lha terus apa bu?? Mesthi ana sing ora beres. Ibu : Yo wis. Sesuk Bawang tak kongkone, kowe nginjena ben ngerti. Brambang : Iya bu.. Esuke Brambang lan ibu kaget. Lagi wae tangi, omahe uwis resik, sarapan wis cemepak. Banjur Brambang nggoleki Bawang, lan ngerti Bawang ngomong-ngomong karo iwak. Brambang marani ibune lan crita apa sing disawang... Brambang : Bu, aku ngerti saiki! Bawang duwe iwak ajaib!! Digoreng wae bu Ibu : Apa iya ?? Nak iya tenan, ibu sarujuk marang gagasanmu.. Banjur Brambang lan ibu nggoreng iwak lan mangan iwake, kari erine sing turah. Bawang ngerti saka kadohan banjur marani. Bawang : Ya Allah buk, ibu dhahar niki ??? Astagfirullah, ampun buk .. menika iwak kula .. Ibu : Sakkarepku ta, iwak iki pancen kudune dipangan, ora gur diopeni ngono kui! Bawang banjur nangis lan njupuki eri iwak mas. Erine kuwi di pendhem ana mburi omah. Sarampunge mendhem eri iwak mau, Bawang mlebu omah, dhweke keprungu suarane ibune lagi jagongan ana tilpun. Ibu: Nggih pak! Nggih..matur nuwun infonipun. Kula badhe ngabari lare-lare rumiyin...(karo reka-reka nangis) Brambang: Ana apa ta bu? Sapa kuwi mau? Ibu: Brambang, nduk cah ayu. Wiwit dina iki awake dhewe bakal nduweni sakabehing bandha ing omah iki...haha Brambang: La piye ta bu? Kok bisa ngono? Ibu: Iya nduk. Bapake Bawang ditemokake tiwas pas perjalanan mulih mau, amarga kacilakan bis! Bawang: Napa?? Bapak seda? Mboten estu ta bu? Ibu: La kena ngapa aku ngapusi? Kui mau pulisi sing tilpun.. Bawang: Mboten mungkin!!! Kula mboten percaya.. Brambang: Percaya karepmu, ra percaya karepmu. Sing genah kabeh kuwi sak nyatane!! Bawang mlayu metu, menyang kuburane iwak emas. Dheweke sedhih banget, nangis karo ndhekep kuburane iwak emas. Bawang: Iwak....aku sedhih banget.. Iwak: Uwis Bawang.. sing sabar. Kabeh mesthi ana hikmahe.. Bawang: Hah? Iwak? Kok kowe isih urip? Iwak: Aku ora bakal mati, aku bakal njaga kowe. Sawangen kuburanku kuwi. Uwit sing thukul saka kuburanku kuwi sing bakal nylametake kowe, ngetokake

kowe saka urip nelangsa iki. Jaganen uwit kuwi ya Bawang. Jaganen kaya kowe njaga aku. Bawang: Iya, aku janji. Mesthi bakal tak jaga sakuwate aku. Ora suwe, kuburan sing kena eluhe Bawang mau thukul uwit, iwak ngilang meneh. Thukule iwak mau ora biasa, cepet banget. Anehe maneh, uwit kuwi godhonge emas. Anane uwit kuwi dadi gempar ing deso Bumbu. Ora mung sak desa, nanging desa sebrang melu krungu kabare. Godhonge, bisa kanggo ngobati lelara. Brambang lan Ibu nggumun lan bingung karo kadadeyan iku mau . Nganti ing sawijining dina, pangeran saka Kerajaan Palawija, krungu kabar godhong ajaib kuwi lan nggoleki panggonan ning ngendi uwit kuwi mau ditandur. Ing Kerajaan Palawija.... Ajudan: Kados pundi niki, Pangeran? Bagindha raja kesarasanipun langkung mboten sae. Pangeran: Aku uga bingung. Wis dak tekakake dhokter-dhokter sing paling apik ing negara iki, saka njaban negara barang. Nanging ora kasil. Ajudan: Tigang dinten kepengker kula mireng kabar, wonten ing desa Bumbu wonten uwit ingkang saget nambani lelara kathah. Mbok menawi Bagindha raja saget dipun obati dening uwit punika pangeran. Pangeran: Ya..ya.. awake dhewe kudu mrana. Saperlu njaluk godhonge uwit ajaib kuwi. Ayo ajudan, ndang mangkat. Kancanana aku mrana.. Ajudan: Sendika dhawuh... Ing dalan, Pangeran lan ajudane kepethuk Bawang sing lagi saka kali lan kangelan ngusung kumbahane.. Pangeran: Ing jaman saiki isih ana wae wong ayu kaya kenya kae. Gelem rekasa pisan. Ajudan: Inggih pangeran. Trenyuh ati kula. Nanging kenya punika leres ayu sanget. Pangeran : Prajurit, golekana sapa sing nduwe uwit kuwi, sawise ketemu banjur lapora menyang aku.. Aku pengin nulungi kenya kae.. Ajudan : Nggih pangeran, kula padosaken tiyangipun . Lagi sepisanan ketemu karo Bawang, Pangeran langsung kesengsem. Nanging dheweke ora ngerti yen jebule Bawang uwong sing digoleki.. Pangeran: Nuwun sewu... punapa penjenengan kersa kula tulungi? Bawang: Panjenengan sinten? Pangeran: Aku Pangeran saka Kerajaan Palawija. Bawang: Oh.. ngapunten pangeran. Kula mboten maksud lancang. Pangeran: Ora apa-apa. Aku pancen duwe niyat nulungi awakmu. Sapa jenengmu? Bawang: Kula Bawang. Matur nuwun pangeran. Nuwun sewu, wonten kersa punapa panjenengan tindak mriki? Pangeran: Aku lagi goleki uwong sing duwe uwit ajaib. Aku arep njaluk godhonge kanggo ngobati Ramaku. Bawang: Uwit ajaib? Ingkang nggadhahi godhong emas? Pangeran: Iya bener. Apa kowe ngerti sapa sing nduweni? Bawang: Keleresan Pangeran, kula ingkang nggadhahi uwit punika. Pangeran: Saktenane? Beja tenan aku iki. Ayo, duduhna aku... aku entuk njaluk ta? Bawang: Mbok nggih, mangga.. Ana ing ngomahe Bawang.... Brambang : Ana apa iki??? Ajudan : Dhawuh saka Pangeran. Sing nduweni uwit godhong emas, arep di temoni

pangeran Brambang : Oh, kula...kula ingkang nggadhahi, pundi pangeranipun sakpunika?? Ibu : Inggiih.. inggih anak kula sing ayu niki ingkang nanem . Ajudan : Pangeran bakal tindak menyang rene .. Bawang nyawang saka kadohan, banjur nangis ngerti Brambang lan Ibu ngapusi marang ajudane pangeran. Brambang : Oh pangeranku.. Pangeran : Punapa leres panjenengan ingkang gadhah uwit punika ?? Brambang : Oh inggih leres. Ibu : Nggih, saestu leres pangeran, niki anak kula sing ayu purun dados garwanipun panjenengan Pangeran : Ora bener, kowe patute karo ajudanku.. Aku ngerti sak benere sing duwe uwit ajaib iki Bawang. Bawang mrenea! BAWANG : Kula pangeran .. Pangeran banjur nyawang Bawang. Pangeran : Kowe gelem dadi bojoku ? Bawang: (kaget) Nggih purun, saestu pangeran.. Ibu : Eh eh apa iki ? Brambang ayu pangeran , anak kula sing kudune dados garawanipun panjenengan . Pangeran : Mboten bu, Brambang sanes jodho kula. Brambang: Mbok uwis ta bu.. Aku iki pancen ayu. Mesthi akeh wong lanang liya sing tresna karo aku. Ajudan: Inggih bu.. Pangeran kaliyan Bawang pancen serasi.. Ibu: Apa... kowe gelem dadi bojone anakku? Kabeh awas-awasan. Ajudan karo Brambang mesam-mesem. Brambang: Ibu ki.. aku isin ta.. Ajudan: Purun bu.. kula nyuwun pangestunipun. Ibu: Piye Brambang? Brambang: Iya.. bu.. Pangeran: Pancen beja tenan awake dhewe mara rene ajudan. Brambang: Bawang, aku njaluk ngapura ya.. aku kejem karo kowe awit biyen, nanging asline aku mung iri karo praupanmu sing ayu kuwi. Ibu: Aku iya Bawang, aku mung kuwatir anakku kesaingi dening awakmu. Nanging saiki kabeh wis entuk jodho dhewe-dhewe, ngapuranen aku ya Bawang.. Bawang: Inggih Brambang,bu.. kula sampun ngicali raos sakit manah kula. Mangga sedaya dipun wiwiti malih. Ajudan: Pangeran, Bawang kaliyan panjenengan badhe nikah ta.. kula nggih nyuwun cuti nikah, pangeran. Pangeran: Oooo iya.. kepiye yen Bawang sakluarga pindhah menyang kerajaan. Mengko pestane digawe bareng. Kabeh: SARUJUK!! Sawise tejkan kerajaan Palawija, Pangeran langsung kongkonan tabib kerajaan kanggo nggawe obat saka godhong mau. Banjur Bagindha raja sehat maneh sawise ngunjuk ramuan kuwi. Terus padha nyiapake pesta pernikahan. Brambang banjur nikah karo ajudane pangeran

lan Bawang karo pangeran, ibune yo melu tinggal ing kerajaan. Urip mulya sakteruse ..

You might also like