You are on page 1of 2

Bismillah Hirohmannirohim Assalamualaikum Wr.

Wb Dhumateng panjenenganipun para pepunden, para sesepuh , pinisepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi. Para tamu kakung miwah putri ingkang pantes nampi pakurmatan. Mradapa awit saking keparengipun Bp____________ sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhah sinaraya pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika. Para rawuh saha para lenggah, saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tat upacara ing ri kalenggahan punika, mangga kula dherekaken manungku puja hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, sarto mugi lampahing tata upacara prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala. Para rawuh saha para lenggah, tata upacara ingkang angka setunggal, - Pasrah panampining putra temanten sekalihan dening para tetuwangga ingkang piniji . - Ingkang angka kalih, atur pambagyo yuwana saking ingkang hamengku karso. - Ingkang salajengipun adicara mirunggan kalajengaken pamitan. Makaten menggah urut reroncening tata upacara prasaja ing ri kalenggahan punika, nuwun, nuwun, maturnuwun. -------------------------------------------------------------------------------------------------------Para rawuh saha para lengah, kados sampun paripurna lampahing tata upacara pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika. Purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala, awit saking punika tebih saking raos panundhung saking panjenenganipun Bp_________ anggenipun nampi kerawuhan panjenengan kiranging tanggap, tangguh, gupuh miwah suguh mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya. Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila awit saking punika kula minangka jejering pambiwara tartamtu kathah kekirangipun saha kekilapan labed budi dayaning maningsa kirang sampurna mawantu-wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula. Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamualaikum Wr. Wb.

Para rawuh saha para lenggah, Binuka adicara ingkang angka setunggal nuwun inggih atur pasrah saking panjenenganipun Bp__________, jinajaran Bp___________. Hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun kasumanggakaken, sumangga. -------------------------------------------------------------------------------------------------------Atur panampi saking panjenenganipun Bp.sukarni sekalian, ingkang bade kasariran panjenenganipun Bp.Sukardi jinajaran Bp. Hadiwijoyo saha Bp.Keman. Wekdal kasumanggakaken. -------------------------------------------------------------------------------------------------------Paripurna pasrah panampining putra temanten sekaliyan wonten ngarsanipun Bp.Sukarni sekaliyan kanthi tulus raharjo nir ing sambekala. -------------------------------------------------------------------------------------------------------Para rawuh saha para lenggah, Titilaksana upacara salajengipun, nun inggih atur pambagya yuwana saking panjeneganipun Bp.Sukarni sekaliyan, keparenging sedya badhe ngaturaken piyambak wonten ngarsanipun para rawuh, inggih karana bombong birawaning manah ingkang mboten saget ginambaraken, mila anggenyo matur mboten kawiyos wijiling lesan among kandeg wonten jangga. Sinten ta ingkang minangka tetuwangganipun atur pambagya, tan no lyan panjenenganipun Bp.Sukimin minangka tetuwangganipun par kawula dasih ing RW 3 Mojo Wetan Sragen. Wondene ingkang hanjajari nun inggih Bp.Sarwoko saha Bp.Sukarno. Mbok bilih sampun samekta ing gati mrih rahayuning sedya kasumanggakaken. Nuwun.

Mojo Wetan, 26 Januari 2010

You might also like