You are on page 1of 2

SESORAH PENGANTEN

Assalamualaikum Wr.Wb. Kawula nuwun, Para tamu kakung sumawa putrid ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bp. Sutarman, ingkang dahat kawula bakteni. Kula minangka tinalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp. Sudirman kekalih. Ingkang sepisan Bp. Sudirman kekelih ngaturaken salam taklimipun kunjuk dhumateng Bp. Sutarman kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi Bp/Ibu Sutarman tansah pinaringan berkah rahmating pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang peparep Bj. Agus ingkang badhe kandhaupaken Rr. Anna, putra-putri nipun Bp. Sutarman ingkang punika Bp. Sukimin kekelih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten putri sapengadek. ( saged kaaturaken peranganipun : contohipun : sangsangan rinonce, kudala krincing, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana ). Menggah sedaya kalawau kaaturaken kanthi suka reraning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang, mugi ta katampi a minangka talining katresna kangge ngraketaken anggenipun bebesanan. Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepok aken kaliyan tata cara ijab sampun satata, keparengan ijabing penganten lajeng katindakna. Bp/Ibu Sutarman ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT. Mugi parengan berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya sapanginggilipun, mboten wonten alangan satunggal punapa sumranbah ing sedayanipun. Kula ingkang tinanggehan caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srahsrahan sadaya nyuwun samodraning pangaksami.

Wasana bilahit taufik wal hidayah, Wassalamuaalaikum Wr.Wb. Kula nuwun, sumangga.!!!

Nama : Edi Prastiyan Kelas : IX-D

No.abs : 06

You might also like