You are on page 1of 2

Gedhang utawa pisang iku sung thukul nglompok ing daerah tropis. Tanduran gedhang kagolong kaluwarga musaceae.

Ana pirang jenis gedhang sing warnane wernawerna, nanging meh kabeh sing dodo ling pasar utawa supermarket warnane ten wis mateng kuning lan rupane nglengkung. Jenise gedhang ana akeh, yaiku gedhang raja, gedhang ijo, gedhang susu, gedhang kapok, gedhang ambon, gedhang kluthuk, gedhang bawen lan liyaliyane. Gedhang kui saka wit, godong who lan kembange kabeh akeh manfaate. Wit gedhang diarani debog. Debog sing isih teles yen ana wong wayangan iso kanggo nancepake wayang. Debog sing wis garing di tata kanggo mbako. Wit gedhang utawa debog uga iso kanggo kerajinan tangan utawa kanggo nggambar. Yen ing tangane wong sing trampil lan kreatif, wit gedhang iso kanggo hal liyane sing luwih nduweni guna. Bocah-bocah cilik biasane nggawe dolanan saka wit gedhang utawa debog. Iku dolanane bocah ing jaman biyen, nanging ing jaman saiki wes jarang sing gawe dolanan saka wit gedhang utawa debog. Yen godhong gedhang iso dienggo mbuntel panganan werna-werna kayata lemper, arem-arem, bothok, pelas, nogosari, lan liya-liyane. Godhong gedhang biasane uga dienggo mbunteli sega bungkus. Yen mbunteli sega bungkus biasane nganggo godhong gedhang sing isih enom. Kabeh buntele godhong gedhang klaras godhong gedhang sing wis garing kanggo mbunteli gula jawa utawa gula aren. Godhong gedhang garing uga bisa nggo gawe kerajinan tangan, dolanan, lan bisa uga di nggo gambar. Woh gedhang mono ono sing kudu di goring dhisik, ana sing kudu di godhok dhisik, nanging uga ana sing enake di pangan warasan wae. Kandhane wong tuwa-tuwa gedhang emas kena kanggo obat tamba lara kuning. Gedhang kui enak rasane lan duweni kandungan sing apik karo awak. Kandungan sing ono ing gedhang kui antarane ana vitamin, mineral, karbohidrat, lan sapanunggalane. Gedhang uga apik kanggo pencernaan ing jero weteng amarga gampang di cerna. Kembang gedhang di arani jantung utawa tuntut. Kembang gedhang uga bisa di gawe pecel lan janganan. Carane gawe pecel saka kembang gedhang kui gampang banget. Bahanbahan sing di butuhake yaiku kembang gedhang utawa tuntut sakcukupe; sayuran kajaba cambah, ale, kacang, godhong tela, kangkung; lonthong sak cukupe; sambel pecel; kacang tanah sing wis ora ana kulite lan wis di garing; piring lan alat mangan liyane. Carane gawe yaiku, sing sepisan kembang gedhang di godhog nganti mateng. Sayur liyane kajaba cambah, ale, kacang, godhong tela, kangkung, uga di godhog nganti mateng. Pas ngenteni godhogan mau, gawe sambel pecele dhisik. Sambel pecel bisa di gawe dhewe utawa tuku ing toko-toko sing dodolan macem-macem panganan. Sambel pecel mau banjur di campuri banyu sak cukupe. Aja ke kenthelen, lan aja ke enceren. Sakwise mateng sayur sayurane mau, banjur di deleh ing wadah lan kena di campur, uga kena di pisah. Banjur siapna piring sing arep di nggo mangan mau. Wenehi lonthong sak lenjer ing piring mau. Jupuk sayuran, akeh sithike nganggo seleramu dhewe-dhewe. Banjur siram nganggo sambel pecel sak cukupe. Ing dhuwure kui di wenehi utawa di wuri kacang tanah.

Kepemimpinane bapak ing jero tangga teparo bak nahkoda sing ngedaleake kapal. Bapak dadi pemimpin kaluwarga sing nduweni tanggung jawab marang bojo lan kaluwargane. Pada karo nahkoda sing iso mimpin lan ngerjakno tugas lan tanggung jawabe. Yen kepemimpinane apik, keluwarga kui bakal sejahtera lan aman, padha karo kapal sing di kendaleake karo nahkoda sing ahli. Bapak kui nduweni tugas ngopeni anak lan bojo. Dadi bapak kudu tegas karo anake. Biasane bapak kui sifate keras karo anake, nanging ibu biasane siafte luwih lembut lan sabar karo anake. Nanging bapak uga aja nganti keras nglewati batas, nanging ana batasane. Dadi ora nganti nggebog anake yen anake salah. Bapak kudu bisa dadi contho utawa tuladha kanggo anake. Yen bapak duweni watak apik, biasane anake uga duweni watak apik. Nanging yen bapake duwe watak elek, anake gampang banget duweni watak elek. Amarga ana unen-unen kacang ninggala lanjaran. Kang artine anak kuwi watake podo utawa ora beda adoh karo wong tuwone. Bapak kui duweni tugas yaiku golek rejeki kanggo anak lan bojone. Yen nganti bapak ora nggolek dhuwit amarga alesan sing ora apik, lan ngongkon anake nggolek dhuwit dhewe kui di arani bapak sing ora nduweni tanggung jawab. Nanging yen bapake lara, kui ora apaapa. Ing jaman saiki akeh bapak sing nelantarke anake, nggugurno anake, lan mbuwak anake ing panggonan sampah utawa ing kali. Kui kagolong bapak sing ora nduweni tanggung jawab. Mula yen dadi bapak kui kudu duweni tanggung jawab sing gedhe. Amarga yen dadi bapak sing ora duweni tanggung jawab dadine akeh bocah sing ora nduweni wong tuwa, lan gawo bocah kui dadi gelandangan sing njaluk-njaluk dhuwit marang wong liya. Ing tangga teparo, bapak kudu dadi pemimpin, penuntun, lan menehi tulada karo anak lan bojone. Ing ngarso ing tuladha, kang artine ing ngarep dadi contho. Ing madya mbangun karsa, sing artine ing tengah-tengah bias gawe semangat, tut wuri handayani, sing artine saka mburi menehi surungan nganggo semangat lan liyane. Kesimpulane, bapak kui pemimpin kang kudu ngerteni kaluwarga. Mula dadi bapak kui ora gampang.

You might also like