You are on page 1of 16

1.

Dari nama tembang Mijil :

Jroning peteng sangkan paraning dumadi Kersane gusti jabang bayi Mijil Sinebut Mijil, metu, uga lahir Mijil margane jalu uga estri Mijil ngunduh wohing pakarti Mijil ponang nangis cenger ndodog bumi Dados ponang woding ati Bapa biyung seneng ing ati Bapa biyung nggendong rina wengi

2. Dari nama tembang Maskumambang : Maskumambnag dadi tembang Nrenyuhake polahe sang ponang Angidung mocopat ponang di kudang Guyune sing ponang suka kang nyawang Tan mbedakno wadon apa lanang Bapa biyung bungah ati padang Bapa biyung susah kelangan ponang Crita ginurit jroning maskumambang

3. Dari nama tembang Kinanti : Jabang bayi woding ati Kinanti kinanten tinuntun kang dadi werdi Bapa biyung pawitan titi Ngreksa peparinge gusti Rina dumagi ing wengi Tan pegat piwulang aji Dupi karsa agama ageming aji Dados priyayi Tuladane sagung pasti ing leladan bumi

4. Dari nama tembang Sinom : Tembang Sinom pangeran katon Ing rina ing wengi mbabar lelakon Bayi gede manjing keprabon Raga gede yuswane maksih enom Bedane wis ora turu nang pangkon Pindah laku suryo mengulon Sak tindake dadi lakon

Sak polahe dadi pitakon Yawa luput dadi layon

5. Dari nama tembang Dandanggula : Angen manis lagu puspita Ngetut lakune samirana Tabuh wektu ngetung dina Ponang gede si enom salin salaga Wani mbeka ngugung salira Mula gampang kena reka Enome pikir gampang kesandung asmara Dandanggula kang rinonce Sundul langit kemul mega Tan mampu ngudar pancadriya Mung manis-manis kang sinedya Tan weruh isen isening dunya Lamun tumindak becik tan pirsa Dadi menus manggih cilaka

6. Dari nama tembang Asmaradana :

Pepanjange tembang asmaradana Panjange denarani asmara dahana Sifat lanang wadon jroning tresna Padang rembulan pinda yayah rina Tan waskita rusak jiwa raga Tan eling welinge ibu lan rama Agni ngobong ati ngidung asmara Kadya lakone Dewi Ratih Komajaya

7. Dari nama tembang Gambuh : Gambuh iku paribasan gampang nambuh Banyu bening ora weruh Jejogetan turut dalan ora ewuh Bapa biyung weling ora patuh Angel laku jujur, gampang misuh Yen sinebut sakit, wus abuh Yen turu tangine tan krungu subuh Kang tinandur tan nana kang di unduh Bapa biyung sambat sora .. aduh

8. Dari nama tembang Durma : Nandur saka tata krama Dur iku duratmaka, duraka Dur iku dursila, durjana Dur udur tan animbang rasa Dur paribasan pari kena Maknane nglaras rasa Si enom dandanggula sinedya Lali wus kelon asmaradana Lali wangsiting wong tuwa Werdine gambuh lan durma Amelet si enom ing marcapada Pan mangkana ingaran kerata basa

9. Dari nama Tembang Pangkur : Yen kesandung moleh mungkur Dawane dalan dawane umur Wadine gusti wadine kubur Sifat tan bisa di waca ngawur Iku werdi macapat dudu turu nglindur

Urip ngangsu banyu bening sumur Hang rasa pakarti laku tinandur Yen lagi catur mungkur Eling tuwa eling pangkur Ngepange pikir arep mungkur Cilakane tan uwur lan sembur Kelangan aruming pitutur Deleg-deleg tan weruh dalane kubur

10. Dari nama tembang Megatruh : Ana pegat tan aruh-aruh Ana pegat tan ana sing weruh Wit banda uwoh dosa tan wanuh Tan eling dongenge Nabi Nuh Tan mampu ngudar kawruh

Uripe jroning rasa, trenyuh Dupi emut mring kidung megaruh Wiwit sinom tekan gambuh Alam batin manggih mungsuh Jroning urip tan kerso wanuh Pegate raga sukma kisruh Sukma lunga tan ana sing weruh Gara-gara tan ngersakke dawuh

11. Dari nama tembang Pucung : Surya suntrut kudung mendung Ana pitakon padange wurung Ana gela, gelane bapa biyung Kang gela kepetak linglung Kang tuninggal deleg-deleg bingung Raga ketata mori petak dadi kudung

Jroning peteng sepi ing kidung Ngindit dosa gede sak gunung Tan pirsa raga wus suwung Pucung werdine gempita agung Pucung iku pocong werdine agung

12. Dari nama tembang wirangrong : Wektu ngancam dina putus layon Sambat sapa yen kadung kepetak ngerong Mlarat sugih, sing pangkat apa maneh garong Nora mandang drajating uwong Wirang wus jroning rong Jagat gumelar kebak pitakon Jagat gumelar kebak ing lakon Jagat gumelar karsone Hyang Manon Pan mangkono werdine wirangrong

1. Mijil dalam pupuh dandanggula : Ponang jabang nembe mijil puniki Gawe kesengsem ingkang nyawang

Gemlethak penak sarene Najan dalu wus larut Katon ayem ngrerujit ati Sarta gegurit manah Kang pirsa rasane wuyung Ketaman si tetuka Dhuh kusuma pujaning wak mami Mugi gusti paring nugraha

2. Maskumambang dalam pupuh dandanggula : Datan pupus rawat sang ponang aji Trenyuh pinda maskumambang Rinengkuh jiwa ragane Guyune gawe kepincut Gawe bingung yen lagi nangis Rebut ducung prasamnya ywa glis tetulung Kusuma papujaning rasa Aja pijer gawe ribeting ati Enggal sira menenga

3. Kinanti dalam pupuh dandanggula : Lakunira dalu dumugeng ratri Binareng gumelaring tawang Si ponang pinter lampahe uga bisa celadu Pinda guru kang pinter ngaji Tansah dadi pepujan Gawe seneng bapa biyung Ing swasana adat punika Aywa kongsi tresna ngoncati Ngati-ati nganthi karsa

4. Sinom dalam pupuh dandanggula : Putra ingsun pepujaning ati Sing prasaja aja cidra Ywa jujur ing margane Donya kebak reridu Kudu tabah waspada katah ngelmi Urip ing marcapada

Sampun katah kang di ugung Tan kendat nggennya dedonga Cobaning urip ana ing lakunireki Doh rubeda lan bebaya

5. Dandanggula : Pancen ribet yen nandang penggalih Runtut tansah ndandanggula Saben rina lan wengine Mlampah tebih datan lesu Andika mung anuruti ati Luwih gampang laku sembrana Najan margi lunyu Tundone agawe tuna Enggala den waspada ngati-ati Amrih gesang mulya

6. Asmaradana dalam pupuh dandanggula : Gegulangen kalbunira kaki Lamun sira nandang asmara

Yen lara suwe marine Wus kadung tambah bingung Tresna luntur gegurit ati Gawe rusak jiwa raga Lumuntur rusaking kalbu Gesang ginawe rekasa Enggal-enggal pepuji mring Hyang Widi Angruwat rasane driya

7. Gambuh dalam pupuh dandanggula : Gambuh iku pepalanging ati Gawe lali margane utama Yen lara angel tambane Duh dewa jawata gung Welasana mring muda iki Aywa nganti katekan Praptane kala bendu Awit urip nora gampang Mula kudu nastiti ngati-ati Mapanaken jiwa raga

8. Durma dalam pupuh dandanggula : Ing lelakon gesanging pra jalmi Mulat sarira wani angrasa Amrih padang ing uripe Urip ing samodra gung Gampang angel yen di lampahi Aja pijer nggege mangsa Gawe sakiting kalbu Pinda prau ing samodra Prasasat datan ana kang ngimbangi Urip dadi tanpa guna

9. Pangkur dalam pupuh dandanggula :

Pangkur iku wujud ngepanging pikir Wayah mungkur nyawang sarira Arsa tinimbalan gustine Pan ancat datan mampu Lamun iku pepestene gusti

Yen wus titi wancine samya Pangarepe dadiya pupus Sera datan suwala Angoncati kersane Hyang Widi Sigra ngadeping ngarsa

10. Megatruh dalam pupuh dandanggula : Sigra kondeg kabehing laku nireki Darbe drajat lan banda sirna Awit wus ganti alame Karsane gusti kang agung Tangeh lamun yen di oncati Yen titi wanci gumlewang Sira mung bisa satuhu Gya eling waspada Mumpung mangsih yuswa kang aji Rina wengi ing dedonga

11. Pucung dalam pupuh dandanggula : Mori petak kang ginawa mati Kidung tahlil ngumandang angkasa Kekes tintrim swasanane Gumletak layon tan bangun Ana raga tan bisa tangi Sarene dadi tontonan Kang pirsa amari kelu Sinawang kang wus layon Datan saget dedongengan malih Tembang pucung sampun prapta

12. Wirangrong dalam pupuh dandanggula : Lelimengan rembulan surya wus lari Ganti crita ngumandang ing rasa Angrasani dak gesange Raga sukma pisah sampun Kanti ninggal crita nyawiji Dados dedongengan

Rina kalawan ndalu Pinda pengilone ngagesang Urip iku tansah titi ngati-ati Sangu sawon ing ayunan

You might also like